Sore iku Iis lg ngenteni udin ana ing ngarep omah,
dheweke ngarep-ngarep udin mara ning omahe, sabab dheweke kangen marang udin,
sing sabenere iku kancane awit SD nganti SMA. Nanging sawise lulus SMA dheweke
karo Udin pisah, amarga padha daftar kuliah sing universitase beda-beda. Udin
ketampa ning ITB lan Iis ketampa ning IAIN. Awit saka iku ora tau ketemu.
Akhire sore iku udin dolan ana ing omahe Iis, amarga padha preinan kuliah. Iis
ngrasa seneng banget.
“ Assalamualaikum ” .(Udin uluk salam marang Iis)
“ Waalaikumsalam ”. ( Iis mangsuli salame Udin
kanthi mesem yen nandakke dheweke seneng banget)
“ Piye Is kabare? ”
“ Aku apik-apik wae kok din, la kowe piye? ”
“ Aku padha apik-apik wae, kowe nutukake kuliah ning
ngendi Is ?”
“ Aku ning IAIN jurusan Pendidikan Agama Islam.” ( sumaure Iis)
“ wah… apik temen kowe Is. Yen aku ning UNDIP
jurusan biologi.”
Iis tansah mesem guyu terus nganti udin bingung. Ing
kana padha crita-crita babagan jaman nalika isih cilik lan babagan kuliah. Wektu
nandhakake ape maghrib, Udin ijin pamitan marang Iis. Bengine Iis tansah
kelingan terus marang Udin. Dheweke nganti ora iso turu. Malah kagawa nganti
ngimpi.
Sewulan wis kepungkur, iku tandha yen preinan kuliah
wis lebar. Iis bali ana kost. Ning kost dheweke ketemu karo Ningrum, terus
crita-crita pengalaman preinan kuliah wingi. Iis crita yen preinan wingi
dheweke ketemu karo kanca pas isih cilik, dheweke ngrasa seneng banget. Malah
ngomong karo Ningrum yen dheweke ana rasa tresna marang kancane mau. Tapi Iis
ora nyebutna jenenge kancane mau sing sebenere. Ningrum mung isa guyu melu
seneng, sebab dheweke nalika preinan malah lara, lan dirawat ing Rumah Sakit. Krungu critane Ningrum sing
kaya ngono Iis sak nalika meneng cep. Dheweke melu prihatin, terus mbeda
Ningrum supaya ora nangis nalika eling wayah preinan kuliah wingi.
Liya dina Iis ditelpon Udin. Iis tansah kaget,
nanging seneng. Awale Udin mung ngomong basa-basi
karo Iis. Ora dinyana-nyana dheweke ngomong marang Iis yen dheweke tresna.
“ Is, sabenere Aku tresna marang sliramu.” ( Omonge
Udin kanthi gugup )
“ Apa din?, coba baleni meneh omongmu.” ( Iis gugup
)
“ Aku tresna marang slirmu. Iki jujur sangka atiku
Is.”
Iis mung meneng, ora isa mangsuli pitakonan mau.
Amarga dheweke kaget lan ora nyangka Udin bakal ngomong ngono. Iis butuh wektu
kanggo mikir-mikir nampa apa ora tresnane Udin. Terus Iis ngomong marang Udin.
“ emmm… maafe Din, Aku ora isa nge’i jawaban saiki.
Aku butuh wektu kanggo mikir.”
“ Ora apa-apa Is, Aku bakal sabar ngenteni jawabmu.”
Sawise ngomong, Udin nutup telpone. Dheweke ora
sabar ngenteni dina iku, sebabe saking tresnane karo Iis. Iis uga bingung
anggone nemtokake jawaban.
Seminggu wis kliwat, Udin ngrasa atine deg-degan,
sebabe Iis wis janji yen bakal menehi jawaban. Udin ora sabar anggone ngenteni,
dheweke donga supaya tresnane ditampa dening Iis. Terus Udin nelpon Iis.
“ Is Aku pengin jawaban sing pasti saka kowe, apa
tresnaku nuk tampa apa ora?, Aku pengin jawaban sing jujur saka atimu.”
“ sadurunge tak jawab, apa bener kowe pancen tresna
karo Aku Din?”
“ Iya Is, Aku pancen tresna karo kowe, ora ana wong
wedok liya kejaba sliramu.”
“ Iya Din, Aku percaya karo kowe. Tresnamu tak
tampa, sabenere aku padha tresna marang kowe nalika dhewe ketemu pas preinan
kuliah wingi kae.”
“ Apa tenan sing dak omongna kuwi Is?”
“ Iya tenan Din, sabenere Aku ape ngomong marang
kowe langsung, nanging Aku isin.”
Udin ngrasa seneng banget amarga tresnane ditampa
dening Iis. Dheweke ora nyana yen Iis padha duwe rasa tresna marang dheweke.
Semono uga Iis, atine tansah seneng banget isa pacaran karo Udin. Sebab saking
tresnane Iis marang Udin, nganti diimpekake nalika turu. Terus Iis crita-crita
marang Ningrum yen dheweke ngrasa seneng lan kesengsem karo cah lanang.
“ Rum, Rum, tak critani.”
“ Apa ta Is?”
“ Aku lagi kesengsem karo wong lanang iki kok.”
“ Wah…Wah… Karo sapa ta Is?, mbok ya Aku dicritani.”
“ Karo kancaku nalika isih cilik Rum, jenenge Udin.”
“ Ora Udin Sedunia ta… Hahaha.”
“ Owalah, ya oral ah, yen iku ta artis koplak. Isa
wae kowe lo Rum. Hahaha.”
“ Hehehe… Aku Cuma guyon kok Is.”
Ing kana Iis crita sing werna-werna marang Ningrum
kepiye sejatine si Udin iku. Ningrum mung isa guyu melu seneng. Nanging
sabenere dheweke duwe rasa meri karo Iis, sebab duwe pacar sing pinter, apik
lan gelem ngopeni pacare. Nanging Ningrum ora wani ngomong karo Iis. Dheweke
mung meneng wae.
Limang sasi wis kliwat, kuliah wis padha prei. Udin
karo Iis tansah seneng banget bakal isa ketemu. Sebab sasuwene pacaran ora tau
ketemu, mung isa ngomong lumantar telpon utawa SMS. Sebabe padha sibuk anggone kuliah. Akhire Udin karo
Iis isa ketemu. Udin mara ning omahe Iis. Ing kana dheweke ketemu wong tuwane
Iis, terus omong-omong. Sawise omong-omong, Udin jaluk ijin marang wong tuwane
Iis supaya isa ngejak dolan ning pantai. Wong tuwane Iis ngijinake. Terus Udin
karo Iis mau lunga ning pantai. Ana ning pantai Udin ngomong karo Iis, yen
dheweke iku pancen tresna marang Iis lan pengin bareng-bareng nganti tekan
kawin. Iis tansah langsung seneng banget krungu omongane Udin sing kaya ngono
mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar