Minggu, 06 Juli 2014

Geguritan




Geguritan iku mujudake salah sawijining asile kasusastran Jawa modern. Sabenere sapa bae bisa gawe geguritan, mung kari gelem apa ora. Nganggit (ngarang) gegeuritan iku bisa awujud ngandharake (mahyakake) penalaman pribadi utawa gegambaran kang tinemu ing madyaning bebrayan (masyarakat).
Minangka asil kasusastran, geguritan uga bisa kawaca sapa wae, sing baku mau ora wuta aksara. Kanthi memaca asil kasusastran, mligine geguritan, bisa kanggo nambahi jembaring wawasan lan kasugihaning jiwa. Yen dineleng saka ancase maca geguritan bisa kapilih dadi loro, yaiku maca kanggo diri pribadi lan maca kanggo wong liya.
Maca geguritan kanggo awake dhewe iku luwih mayar. Bisa karo ngadeg, sinambi lungguhan apadene leyeh-leyeh. Bisa diwaca kanthi ngetokake swara, gemremeng, apa mung cukup dibatin wae, sing penting bisa mangerteni apa sing dikarepake wacan mau.
Beda maneh maca geguritan kanggo wong liya (wong akeh). Taca rene (meh) padha karo yen lagi ‘baca puisi’ utawa ‘deklamasi’ kae. Ana bab-bab  kang kudu digatekake nalikane maca geguritan iki, yaiku:
Wirama          : munggah-mudhun lan membat mentuling swara (irama)
Wirasa            : nglaras lan ngrasakake isining geguritan (penghayatan)
Wiraga           : las-lasaning pocapan (artikulasi), solahbawa lan pasemon (ekspresi)
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar