Rabu, 09 Juli 2014

Nulis Crita Pengalaman



Nulis  pengalaman pribadhi luwih gampang tinimbang karangan fiktif, sebab pengalaman pribadhi nyritakake lelakone dhewe kang wis tau klakon utawa wis dilakoni mbiyen. Luwih gampang meneh menawa pengalaman iku nandhes jero ing ati utawa ora bisa dilalekake. Padhatan pengalaman kang ora bisa dilalekake iku pengalaman kang banget nyenengake, nyusahake, mangkelake, lucu, rekasa, lan sapanunggalane. Sadurunge nulis karangan becike gawe cengkorongan utawa kerangka karangan luwih dhisik. Cengkorongan iku awujud ukara baku (kalimat utama), cengkorongan mau banjur diandharake dadi paragraf.
Pituduh cara nulis pengalaman pribadhi :
Nemtokake topik utawa tema crita
Gawe cengkorongan
Cengkorongan mau dikembangake
Crita digawe kang runtut
Nggunakake basa, tembung lan ukara kang bener lan trep
Isine cengkorongan :
Kapan lan ing ngendi kedadeyane
Sapa wae kang ngalami
Sebab kedadeyan
Kedadeyane
Akibat saka kedadeyan
Kang ndadekake ora bisa dilalekake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar