Kamis, 03 Juli 2014

Kidang Kencana



Sawijining kewan alas memper wedhus, nanging ulese kulite mrusuh kuning ngemu giring arane kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda karo kidang liyane. Dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga. Mungguh sapa sejatine kang memba-memba dadi kidang iki, ora liya abdi kinasih, hiya pothete negara Ngalengka, kang ora ana liya kejaba Ditya Kala Marica. Kapinujon tinimbalan dening sang Prabu Rahwana, mungguh prelu wis suwe anggone saguh bakal methukake karo salah sijine pawongan titise Widowati kapiyarsa pangandikane Prabu Dasamuka, “He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora ana kasunyatane. Seprana-seprene tinemune mung wuwus, buktine ora ana. Mangka sing dak impi ora ana liya wanodya ing salumahing bantala iki ingkang dadi memaniking atiku kejaba titisan Wedowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang kowe, aku wis ora nggugu rembugan kang elok-elok nanging jebul amung lamisan. Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki kelakon dak untapake nyawamu neng Yomani”.
Mak brebet age-age Kala Marica ngrungkebi pangkone Prabu Dasamuka sarwi ngrerepa, “Adhuh Gusti sesembahan kula inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula munjuk atur pawongan ingkang dados titising Widowati.
Lagi tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. “Lhaa, ha ha ha, rakhisik, yo ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe bojo apa durung, panggonane ngendi Marica. Aja mung sing lega, nadyan wis duweya bojo pisan aku saguh megatake.
“Inggih sareh rumiyin. Panggenanipun wonten ing wana Dhandaka, piyambakipun sampun gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene naminipun Dewi Sinta. Wonten ing wana ngriku sajakipun lelena, kadherekaken kadangipun taruna nami Raden Lesmana, rupanipun sadaya tanpa cacad. Ingkang sepuh, ingkang enom punapa dene Dewi Sinta, sampun prasasat widadari ngejawentah.
“Bungah sang Dasamuka, “Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon, krubyuk kabotan pinjung.”
Nanging Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mangke ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha menyang alas Dhandhaka panggonane para satriya padha cangkrama. Nahenta kawuwusa kang enak padha lelangen ana kono, Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden Lesmana padha keslimur dene ndheleng sesawangan alas kang endah. Alas kene akeh tandurane kang uwohane enak dipangan kayadene rambutan, dhuku, jambu, lan liya-liyane, tur akeh kewane cilik-cilik kang endah-endah, kayata merak, kancil lan sebangsane. Saben dina nutug anggone lelangen ana ing alas.
Kacarita lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica milih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise andum gawe, si kidang nuli wiwit ngreridhu sang Dewi, kidange ethek-ethek lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gawe kagole penggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur gelem. Kocape lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cecakekatan wae, nanging mripat kang mencereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur musthi jemparing, dienerake marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani. Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa gawe trenyuh penggalihe  Dewi Sinta. Mangkono swara mau dibolan baleni nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta tumuju marang Raden Lesmana. “Mangkata adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakua. Mesakke banget, mung bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae.”
Ature Lesmana, “Kawula nuwun kakangmbok, punika sanes swantenipun kakangma Sri Rama, nanging swantenipun jubriksa ingkang memba-memba swantenipun kangmas Sri jatimulya Rama.”
Nanging sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, ora ngerti yen sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya ingkang ora kadarbe dening sapa wae. Banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen Raden Lesmana darbe karep ora prayoga marang dheweke.
Luput pandakwane Dewi Sinta, mula nuli bramantya, Raden Lesmana banjur matur marang Dewi Sinta, “Kakangmbok sampun ngucapake pangandika bilih kula kadakwa mboten sae, sedaya wau boten leres. Menawi mekaten kersanipun kakangmbok kula ngestokaken nanging pesen kula kakangmbok sampun ngantos medal saking garis ingkang kula damel menika. Menawi panjenengan ngantos medal saking garis, badhe nemahi bilahi”, nggone ngendika mangkono karo mlaku ninggalake papan panggonane Dewi Sinta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar