Kamis, 03 Juli 2014

Unggah-ungguh Basa




Ing masyarakat Jawa, pasrawungan antarane wong siji lan sijine kuwi lumantar sarana basa. Basa sing lumrah dienggo wong Jawa yaiku basa Jawa. Nanging yen digatekake antarane wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong enom ora padha tembung-tembunge sing dienggo. Basa Jawa nduweni udhak-usuk utawa sing biyasane diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-ungguh iku mau dadi ngerti sing ngomong sapa lan sing diajak ngomong uga sapa.
Unggah-ungguh basa Jawa iku kaperang dadi 4 (papat), yaiku:
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Yen digatekake saka tembung-tembunge, unggah-ungguh basa sing ana papat mau mung kadadeyan saka telung (3) tembung, yaiku;
Tembung ngoko
Tembung krama
Tembung krama inggil
Ing ngisor iki katerangan bab tembung-tembung sing dienggo ing unggah-ungguh basa Jawa:
1.    Ngoko lugu
Basa ngoko lugu iku tembung-tembunge sing dienggo ngoko kabeh, ora ana krama lan krama inggile. Sing nganggo basa ngoko lugu yaiku:
·         Marang wong sapadha-padha utawa sing wis kulina banget
·         Wong tuwa marang wong anom utawa andhahane
·         Wong sing lagi ngunandika utawa mbatin
Tuladha:
Sesuk Alam ngajak aku ndelok bal-balan ing lapangan.
Adhiku ora bisa turu yen durung mangan.
Kancaku ora lunga sekolah amarga lara.
2.    Ngoko alus
Basa ngoko alus tembung-tembunge sing dienggo ngoko nanging kecampuran tembung-tembung krama inggil. Ngoko alus biyasane kanggo ngomongake wong tuwa utawa wong sing diajeni nanging sing ngomongake wis padha akrabe. Bisa uga wong tuwa ngomong marang wong anom sing diajeni. Wong wadon marang kakunge.
Tuladha:
Bapakku ora bisa ngrawuhi rapat amarga tindak ing Jakarta.
Putrane guruku ana sing dadi kancaku.

3.    Krama lugu
Basa krama lugu tembunge krama kabeh ora ana ngoko lan krama inggile. Sing nganggo wong tuwa marang wong enom sing durung dikenal. Bocah karo bocah sing durung kenal/lagi ketemu.
Tuladha:
Nak, sampeyan griyanipun pundi?
Mangga dhik mlebet rumiyin, Tiyas taksih tilem.

4.    Krama alus
Basa krama alus tembung-tembunge nganggo krama lan krama inggil, dadi ora kecampuran ngoko. Gunane kanggo ngomongke marang sapa wae sing diajeni utawa kanggo ngomong marang wong sing luwih tuwa utawa dhuwur drajate lan sing diomongake uga diajeni.
Tuladha:
Pak, dipunaturi serat saking sekolahan kagem mendhet rapot kula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar