Minggu, 06 Juli 2014

Rara Jonggrang



Dhek jaman biyen ing Prambanan ana kraton. Kang dadi raja asmane Prabu Baka. Prabu Baka kagungan putri kang ayu banget, arane Rara Jonggrang. Prabu Baka iku raja kang watake kejem, wengis, angkara murka, seneng nindhes rakyate nganti rakyate padha sengsara uripe.
Patih ing Kraton Prambanan, Path Windusaka, tau ngelikake marang Prabu Baka. Ature mangkene, “Dhuh Sang Prabu, keparenga kula matur, kula namung badhe caos pemut dhateng paduka, mbok inggih sampun kesangeten anggenipun damel sengsaraning kawula. Kawula Prambanan menika sampun rekaos sanget gesangipun.” Durung nganti rampung anggene matur, Prabu Baka nggetak kanthi suara kang seru.
“Wis, cukup-cukup! Ora usah kok bacutake! Lancang kowe! Apa wis bosen dadi patih?! Enggal metua kana!” Pambengoke Prabu Baka. Patih Windusaka  kaget, banjur metu saka kraton, ing batin rumangsa sedhih mrihatinake nasibe Kraton Prambanan yen Prabu Baka ora ngowahi kelakuane.
Prabu Baka prayanta brangasan. Mung Rara Jonggrang kang bisa ngilihake penggalihe. Amarga saliyane ayu, Rara Jonggrang iku uga alus tindak-tanduke. Rara Jonggrang iku wis kondhang tekan negara-negara liya. Akeh raja-raja kang kepingin mundhut garwa, nanging Rara Jonggrang durung gelem. Prabu Baka sedhih, banjur ndangu marang Rara Jonggrang.
“Ngger, cah ayu, Rara Jonggrang, apa sebabe kabeh panglamare para raja kok ditolak? Pikiren maneh ngger, kowe kuwi wis cukup diwasa.” Rara Jonggrang mangsuli, “Rama, kula dereng kepengin gadhah garwa, kula taksih remen sanget ndherek Rama wonten Kraton Prambanan menika. Mboten sisah dipun oyak-oyak Rama, kula dereng purun”, mengkono ature Rara Jonggrang.
Tambah dina angkara murkane Parabu Baka tambah ndadra, rakyate saya sangsara. Luwih-luwih wektu kuwi Kraton Prambanan lagi memungsuhan karo Kraton Pengging. Kraton Pengging kalah, prajurit Pengging akeh kang gugur ing palagan. Prabu Baka saya seneng banget rumangsa ora ana kang bisa ngalahake. Nganti salah sawijing dina, ana senopati Pengging kang gagah prakosa, arane Bandung Bondowoso yaiku pangeran saka Kraton Pengging kang sekti mandraguna. Kang kepengin ngadhepi Prabu Baka lan malesake kalahe Kraton Pengging. Sawise Bandung madeg senopati, prajurit Prambanan kalah, malah Prabu Baka uga bisa dikalahake lan tumekaning seda.
Sasedane Prabu Baka, Bandung nuli mlebu menyang sakjrone kraton. Ing taman weruh putri kang ayu banget, putri mau ora liya Rara Jonggrang. Rara jonggrang kaget banget weruh pawongan ana ngarepe. Bandung banjur nyebutake jenenge.
“Putri, jenengku Bandung Bondowoso, asalku saka Kraton Pengging. Dene kowe kuwi sapa?” Rara Jonggrang sangsaya tambah kaget, dheweke eling yen pawongan sing ana ngarepe iku sing nyedani Prabu Baka, sing njalari dheweke ora nduwe wong tuwa. Senajan kaget, sedhih, lan sengit banget karo Bandung, Rara Jonggrang tetep gelem wangsulan mangkene.
“Jenengku Rara Jonggrang aku putrane Prabu Baka sing wis seda, lan saiki aku wis lola.” Bandung banjur nglipur Rara Jonggrang.
“O, dadi kowe kuwi putrane Prabu Baka sing mentas dak perjaya? Wis-wis Jonggrang, Prabu Baka kuwi raja kang salah, aja sedhih, sing mati ora usah digelani. Sing wigati Prambanan lan Pengging saiki ora memungsuhan. Malah kowe manuta bakal dakpundhut garwa, dakayomi selawase.” Ing batin Rara Jonggrang lara banget, dheweke sumpah, ora bakal gelem dadi garwane wong sing nyedani ramane. Bandung nekad anggene ngoyak-oyak Rara Jonggrang supaya dadi garwane. Rara Jonggrang bingung sakwise mikir sautara, dheweke banjur nemu akal kanggo nolak kanthi cara alus penglamare Bandung.
“Bandung, aku saguh dadi garwamu angger kowe bisa nuruti panjalukku, bisa gawe candhi cacah sewu lan bisa rampung sewengi,” Bandung kaget krungu panjaluke Rara Jonggrang kang aneh iku. Nanging amarga rumangsa wis kepincut ayune Rara Jonggrang, panjaluk mau banjur disaguhi, Bandung banjur pamit lunga. Wengi iku uga gawe candhi. Nganti tengah wengi, gunggunge candhi wis dadi luwih saka separo. Rara Jonggrang kang nggatekake saka kadohan rumangsa samar atine yen nganti candhine bisa genep sewu. Supaya ora kelakon, Rara Jonggrang tumindak culika. Dheweke nggugahi prawan-prawan sakiwa tengene kraton dikon gawe urub-urub nyumeti obor kahanane padhang. Ana sing dikon nutu pari, klothekan ing lesung, nyapu, satemah kahanane kaya-kaya wis parak esuk. Kahanan kang padhang mau njalari jago-jago banjur padha kluruk. Bab kuwi ndadekake lelembut-lelembut sing ngrewangi Bandung padha lunga. Bandung bingung lan kaget, kudune durung fajar, kok kahanan wis rame? Dheweke rumangsa dipaeka, nanging rasa ayem, amarga cacahe candhi kaya wis genep. Bandung banjur nemoni Rara Jonggrang kandha menawa candhine durung genep, lan ora saguh dadi garwane Bandung amarga ora bisa nuruti panjaluke. Bandung muntab, rumangsa banget yen dipaeka, mula dheweke banjur mbengok seserune.
“Ya, kowe kuwi minangka genepe candhi sing kurang siji mau!!!” Amarga kesaktene, sanalika Rara Jonggrang malih dadi reca watu, ora mung Rara Jonggrang, prawan-prawan kiwa tengene Prambanan kabeh uga katut disedakake dadi prawan tuwa. Sabanjure kuwi, Bandung rumangsa gela, nanging kabeh mau wis dadi kersane Jawata sing Akarya Jagad. Nganti titiwanci iki reca Rara Jonggrang isih ana ing sajrone ruang candhi kang gedhe ing kompleks candhi Prambanan.
(Kapethik saka: e-smartschool.com)  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar