Geguritan
iku mujudake salah sawijining asile kasusastran Jawa modern. Sabenere sapa bae
bisa gawe geguritan, mung kari gelem apa ora. Nganggit (ngarang) gegeuritan iku
bisa awujud ngandharake (mahyakake) penalaman pribadi utawa gegambaran kang
tinemu ing madyaning bebrayan (masyarakat).
Minangka
asil kasusastran, geguritan uga bisa kawaca sapa wae, sing baku mau ora wuta
aksara. Kanthi memaca asil kasusastran, mligine geguritan, bisa kanggo nambahi
jembaring wawasan lan kasugihaning jiwa. Yen dineleng saka ancase maca
geguritan bisa kapilih dadi loro, yaiku maca kanggo diri pribadi lan maca
kanggo wong liya.
Maca
geguritan kanggo awake dhewe iku luwih mayar. Bisa karo ngadeg, sinambi
lungguhan apadene leyeh-leyeh. Bisa diwaca kanthi ngetokake swara, gemremeng,
apa mung cukup dibatin wae, sing penting bisa mangerteni apa sing dikarepake
wacan mau.
Beda
maneh maca geguritan kanggo wong liya (wong akeh). Taca rene (meh) padha karo
yen lagi ‘baca puisi’ utawa ‘deklamasi’ kae. Ana bab-bab kang kudu digatekake nalikane maca geguritan
iki, yaiku:
Wirama : munggah-mudhun lan membat mentuling
swara (irama)
Wirasa : nglaras lan ngrasakake isining
geguritan (penghayatan)
Wiraga : las-lasaning pocapan (artikulasi), solahbawa
lan pasemon (ekspresi)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar