Sawijining
kewan alas memper wedhus, nanging ulese kulite mrusuh kuning ngemu giring arane
kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda karo kidang liyane. Dheweke duwe
prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga. Mungguh sapa
sejatine kang memba-memba dadi kidang iki, ora liya abdi kinasih, hiya pothete
negara Ngalengka, kang ora ana liya kejaba Ditya Kala Marica. Kapinujon
tinimbalan dening sang Prabu Rahwana, mungguh prelu wis suwe anggone saguh
bakal methukake karo salah sijine pawongan titise Widowati kapiyarsa
pangandikane Prabu Dasamuka, “He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora
ana kasunyatane. Seprana-seprene tinemune mung wuwus, buktine ora ana. Mangka
sing dak impi ora ana liya wanodya ing salumahing bantala iki ingkang dadi
memaniking atiku kejaba titisan Wedowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang
kowe, aku wis ora nggugu rembugan kang elok-elok nanging jebul amung lamisan.
Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki kelakon dak untapake nyawamu
neng Yomani”.
Mak
brebet age-age Kala Marica ngrungkebi pangkone Prabu Dasamuka sarwi ngrerepa,
“Adhuh Gusti sesembahan kula inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih
mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula munjuk atur
pawongan ingkang dados titising Widowati.
Lagi
tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. “Lhaa, ha ha ha, rakhisik,
yo ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe
bojo apa durung, panggonane ngendi Marica. Aja mung sing lega, nadyan wis
duweya bojo pisan aku saguh megatake.
“Inggih
sareh rumiyin. Panggenanipun wonten ing wana Dhandaka, piyambakipun sampun
gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene naminipun Dewi Sinta. Wonten ing wana
ngriku sajakipun lelena, kadherekaken kadangipun taruna nami Raden Lesmana,
rupanipun sadaya tanpa cacad. Ingkang sepuh, ingkang enom punapa dene Dewi
Sinta, sampun prasasat widadari ngejawentah.
“Bungah
sang Dasamuka, “Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon,
krubyuk kabotan pinjung.”
Nanging
Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mangke
ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha
menyang alas Dhandhaka panggonane para satriya padha cangkrama. Nahenta kawuwusa
kang enak padha lelangen ana kono, Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden
Lesmana padha keslimur dene ndheleng sesawangan alas kang endah. Alas kene akeh
tandurane kang uwohane enak dipangan kayadene rambutan, dhuku, jambu, lan
liya-liyane, tur akeh kewane cilik-cilik kang endah-endah, kayata merak, kancil
lan sebangsane. Saben dina nutug anggone lelangen ana ing alas.
Kacarita
lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica
milih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise
andum gawe, si kidang nuli wiwit ngreridhu sang Dewi, kidange ethek-ethek
lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gawe
kagole penggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa
nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur
gelem. Kocape lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cecakekatan wae,
nanging mripat kang mencereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama
rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur musthi jemparing, dienerake
marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani.
Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa
gawe trenyuh penggalihe Dewi Sinta.
Mangkono swara mau dibolan baleni nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta
tumuju marang Raden Lesmana. “Mangkata adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira
apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama
kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakua. Mesakke banget, mung
bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae.”
Ature
Lesmana, “Kawula nuwun kakangmbok, punika sanes swantenipun kakangma Sri Rama,
nanging swantenipun jubriksa ingkang memba-memba swantenipun kangmas Sri jatimulya
Rama.”
Nanging
sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, ora ngerti yen
sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya ingkang ora
kadarbe dening sapa wae. Banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen
Raden Lesmana darbe karep ora prayoga marang dheweke.
Luput
pandakwane Dewi Sinta, mula nuli bramantya, Raden Lesmana banjur matur marang
Dewi Sinta, “Kakangmbok sampun ngucapake pangandika bilih kula kadakwa mboten
sae, sedaya wau boten leres. Menawi mekaten kersanipun kakangmbok kula
ngestokaken nanging pesen kula kakangmbok sampun ngantos medal saking garis
ingkang kula damel menika. Menawi panjenengan ngantos medal saking garis, badhe
nemahi bilahi”, nggone ngendika mangkono karo mlaku ninggalake papan panggonane
Dewi Sinta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar