Dhek
jaman biyen ing Prambanan ana kraton. Kang dadi raja asmane Prabu Baka. Prabu
Baka kagungan putri kang ayu banget, arane Rara Jonggrang. Prabu Baka iku raja
kang watake kejem, wengis, angkara murka, seneng nindhes rakyate nganti rakyate
padha sengsara uripe.
Patih
ing Kraton Prambanan, Path Windusaka, tau ngelikake marang Prabu Baka. Ature
mangkene, “Dhuh Sang Prabu, keparenga kula matur, kula namung badhe caos pemut
dhateng paduka, mbok inggih sampun kesangeten anggenipun damel sengsaraning
kawula. Kawula Prambanan menika sampun rekaos sanget gesangipun.” Durung nganti
rampung anggene matur, Prabu Baka nggetak kanthi suara kang seru.
“Wis,
cukup-cukup! Ora usah kok bacutake! Lancang kowe! Apa wis bosen dadi patih?!
Enggal metua kana!” Pambengoke Prabu Baka. Patih Windusaka kaget, banjur metu saka kraton, ing batin
rumangsa sedhih mrihatinake nasibe Kraton Prambanan yen Prabu Baka ora ngowahi
kelakuane.
Prabu
Baka prayanta brangasan. Mung Rara Jonggrang kang bisa ngilihake penggalihe. Amarga
saliyane ayu, Rara Jonggrang iku uga alus tindak-tanduke. Rara Jonggrang iku
wis kondhang tekan negara-negara liya. Akeh raja-raja kang kepingin mundhut
garwa, nanging Rara Jonggrang durung gelem. Prabu Baka sedhih, banjur ndangu
marang Rara Jonggrang.
“Ngger,
cah ayu, Rara Jonggrang, apa sebabe kabeh panglamare para raja kok ditolak?
Pikiren maneh ngger, kowe kuwi wis cukup diwasa.” Rara Jonggrang mangsuli,
“Rama, kula dereng kepengin gadhah garwa, kula taksih remen sanget ndherek Rama
wonten Kraton Prambanan menika. Mboten sisah dipun oyak-oyak Rama, kula dereng
purun”, mengkono ature Rara Jonggrang.
Tambah
dina angkara murkane Parabu Baka tambah ndadra, rakyate saya sangsara.
Luwih-luwih wektu kuwi Kraton Prambanan lagi memungsuhan karo Kraton Pengging.
Kraton Pengging kalah, prajurit Pengging akeh kang gugur ing palagan. Prabu
Baka saya seneng banget rumangsa ora ana kang bisa ngalahake. Nganti salah
sawijing dina, ana senopati Pengging kang gagah prakosa, arane Bandung
Bondowoso yaiku pangeran saka Kraton Pengging kang sekti mandraguna. Kang
kepengin ngadhepi Prabu Baka lan malesake kalahe Kraton Pengging. Sawise
Bandung madeg senopati, prajurit Prambanan kalah, malah Prabu Baka uga bisa
dikalahake lan tumekaning seda.
Sasedane
Prabu Baka, Bandung nuli mlebu menyang sakjrone kraton. Ing taman weruh putri
kang ayu banget, putri mau ora liya Rara Jonggrang. Rara jonggrang kaget banget
weruh pawongan ana ngarepe. Bandung banjur nyebutake jenenge.
“Putri,
jenengku Bandung Bondowoso, asalku saka Kraton Pengging. Dene kowe kuwi sapa?”
Rara Jonggrang sangsaya tambah kaget, dheweke eling yen pawongan sing ana
ngarepe iku sing nyedani Prabu Baka, sing njalari dheweke ora nduwe wong tuwa.
Senajan kaget, sedhih, lan sengit banget karo Bandung, Rara Jonggrang tetep
gelem wangsulan mangkene.
“Jenengku
Rara Jonggrang aku putrane Prabu Baka sing wis seda, lan saiki aku wis lola.”
Bandung banjur nglipur Rara Jonggrang.
“O,
dadi kowe kuwi putrane Prabu Baka sing mentas dak perjaya? Wis-wis Jonggrang,
Prabu Baka kuwi raja kang salah, aja sedhih, sing mati ora usah digelani. Sing
wigati Prambanan lan Pengging saiki ora memungsuhan. Malah kowe manuta bakal
dakpundhut garwa, dakayomi selawase.” Ing batin Rara Jonggrang lara banget,
dheweke sumpah, ora bakal gelem dadi garwane wong sing nyedani ramane. Bandung
nekad anggene ngoyak-oyak Rara Jonggrang supaya dadi garwane. Rara Jonggrang
bingung sakwise mikir sautara, dheweke banjur nemu akal kanggo nolak kanthi
cara alus penglamare Bandung.
“Bandung,
aku saguh dadi garwamu angger kowe bisa nuruti panjalukku, bisa gawe candhi
cacah sewu lan bisa rampung sewengi,” Bandung kaget krungu panjaluke Rara
Jonggrang kang aneh iku. Nanging amarga rumangsa wis kepincut ayune Rara
Jonggrang, panjaluk mau banjur disaguhi, Bandung banjur pamit lunga. Wengi iku
uga gawe candhi. Nganti tengah wengi, gunggunge candhi wis dadi luwih saka
separo. Rara Jonggrang kang nggatekake saka kadohan rumangsa samar atine yen nganti
candhine bisa genep sewu. Supaya ora kelakon, Rara Jonggrang tumindak culika.
Dheweke nggugahi prawan-prawan sakiwa tengene kraton dikon gawe urub-urub
nyumeti obor kahanane padhang. Ana sing dikon nutu pari, klothekan ing lesung,
nyapu, satemah kahanane kaya-kaya wis parak esuk. Kahanan kang padhang mau
njalari jago-jago banjur padha kluruk. Bab kuwi ndadekake lelembut-lelembut
sing ngrewangi Bandung padha lunga. Bandung bingung lan kaget, kudune durung
fajar, kok kahanan wis rame? Dheweke rumangsa dipaeka, nanging rasa ayem,
amarga cacahe candhi kaya wis genep. Bandung banjur nemoni Rara Jonggrang
kandha menawa candhine durung genep, lan ora saguh dadi garwane Bandung amarga
ora bisa nuruti panjaluke. Bandung muntab, rumangsa banget yen dipaeka, mula
dheweke banjur mbengok seserune.
“Ya,
kowe kuwi minangka genepe candhi sing kurang siji mau!!!” Amarga kesaktene,
sanalika Rara Jonggrang malih dadi reca watu, ora mung Rara Jonggrang,
prawan-prawan kiwa tengene Prambanan kabeh uga katut disedakake dadi prawan
tuwa. Sabanjure kuwi, Bandung rumangsa gela, nanging kabeh mau wis dadi kersane
Jawata sing Akarya Jagad. Nganti titiwanci iki reca Rara Jonggrang isih ana ing
sajrone ruang candhi kang gedhe ing kompleks candhi Prambanan.
(Kapethik saka: e-smartschool.com)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar