Ing
masyarakat Jawa, pasrawungan antarane wong siji lan sijine kuwi lumantar sarana
basa. Basa sing lumrah dienggo wong Jawa yaiku basa Jawa. Nanging yen
digatekake antarane wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong enom ora
padha tembung-tembunge sing dienggo. Basa Jawa nduweni udhak-usuk utawa sing
biyasane diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-ungguh iku mau dadi ngerti
sing ngomong sapa lan sing diajak ngomong uga sapa.
Unggah-ungguh
basa Jawa iku kaperang dadi 4 (papat), yaiku:
Ngoko
lugu
Ngoko
alus
Krama
lugu
Krama
alus
Yen
digatekake saka tembung-tembunge, unggah-ungguh basa sing ana papat mau mung
kadadeyan saka telung (3) tembung, yaiku;
Tembung
ngoko
Tembung
krama
Tembung
krama inggil
Ing
ngisor iki katerangan bab tembung-tembung sing dienggo ing unggah-ungguh basa
Jawa:
1. Ngoko
lugu
Basa ngoko lugu iku
tembung-tembunge sing dienggo ngoko kabeh, ora ana krama lan krama inggile.
Sing nganggo basa ngoko lugu yaiku:
·
Marang wong sapadha-padha utawa sing wis
kulina banget
·
Wong tuwa marang wong anom utawa
andhahane
·
Wong sing lagi ngunandika utawa mbatin
Tuladha:
Sesuk
Alam ngajak aku ndelok bal-balan ing lapangan.
Adhiku
ora bisa turu yen durung mangan.
Kancaku
ora lunga sekolah amarga lara.
2. Ngoko
alus
Basa ngoko alus
tembung-tembunge sing dienggo ngoko nanging kecampuran tembung-tembung krama
inggil. Ngoko alus biyasane kanggo ngomongake wong tuwa utawa wong sing diajeni
nanging sing ngomongake wis padha akrabe. Bisa uga wong tuwa ngomong marang
wong anom sing diajeni. Wong wadon marang kakunge.
Tuladha:
Bapakku ora bisa
ngrawuhi rapat amarga tindak ing Jakarta.
Putrane guruku ana sing
dadi kancaku.
3. Krama
lugu
Basa krama lugu
tembunge krama kabeh ora ana ngoko lan krama inggile. Sing nganggo wong tuwa
marang wong enom sing durung dikenal. Bocah karo bocah sing durung kenal/lagi
ketemu.
Tuladha:
Nak, sampeyan
griyanipun pundi?
Mangga dhik mlebet
rumiyin, Tiyas taksih tilem.
4. Krama
alus
Basa krama alus
tembung-tembunge nganggo krama lan krama inggil, dadi ora kecampuran ngoko. Gunane
kanggo ngomongke marang sapa wae sing diajeni utawa kanggo ngomong marang wong
sing luwih tuwa utawa dhuwur drajate lan sing diomongake uga diajeni.
Tuladha:
Pak, dipunaturi serat
saking sekolahan kagem mendhet rapot kula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar