Minggu, 06 Juli 2014

Pujangga lan Anggitane



Pujangga yaiku manungsa kang duwe kapinteran babagan olah sastra (sekretaris) kraton. Pujangga-pujangga Jawa iku akeh banget. Ing piwulangan iki arep diandharake anggitane para pujangga miturut perangane jamane.
Jaman Hindu
            Resi Abiyasa               : Mahabharata basa Sansekerta
            Resi Walmiki               : Ramayana basa Sansekerta
            Empu Kanwa              : Arjunawiwaha
            Empu Sedhah              : Bharatayudha
            Empu Panuluh              : Gathutkacasraya
Jaman Majapahit
            Empu Prapanca           : Negarakertagama
            Empu Tantular             : Arjunawijaya, Sotasoma
Jaman Islam
            Sunan Bonang             : Suluk Wujil
            Sunan Panggung          : Suluk Malangsumirang
Jaman Mataram
Sultan Agung              : Sastragendhing, Nitipraja
Pangeran Adilangu      : Babad Pajajaran, Babad Mataram
Jaman Surakarta
            Sunan Pakubuwana III            : Serat Mintaraga
            Sunan Pakubuwana IV            : Serat Wulangreh, Serat Wulangsunu
            Sunan Pakubuwana V             : Serat Centhini
            KGPAA Mangkunegara IV     : Serat Wedhatama, Serat Tripama
            R.Ng. Yasadipura I                 : Serat Rama, Serat Dewa Ruci, Serat Cebolek
            R.Ng. Yasadipura II                : Serat Sasanasunu, Serat Bima Suci
            R.Ng. Sindusastra                   : Serat Arjunasastra, Serat Loka Pala
R.Ng. Ronggawarsita             : Serat Paramayoga, Serat Pustakaraja Purwa, Serat  Kalatidha, Serat Sabdatama
Sasedanae R.Ng. Ronggawarsita ora ana maneh kang sinebut pujangga, mula R.Ng. Ronggawarsita diarani pujangga pungkasan utawa panutuping para pujangga.

Kamis, 03 Juli 2014

Unggah-ungguh Basa




Ing masyarakat Jawa, pasrawungan antarane wong siji lan sijine kuwi lumantar sarana basa. Basa sing lumrah dienggo wong Jawa yaiku basa Jawa. Nanging yen digatekake antarane wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong enom ora padha tembung-tembunge sing dienggo. Basa Jawa nduweni udhak-usuk utawa sing biyasane diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-ungguh iku mau dadi ngerti sing ngomong sapa lan sing diajak ngomong uga sapa.
Unggah-ungguh basa Jawa iku kaperang dadi 4 (papat), yaiku:
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Yen digatekake saka tembung-tembunge, unggah-ungguh basa sing ana papat mau mung kadadeyan saka telung (3) tembung, yaiku;
Tembung ngoko
Tembung krama
Tembung krama inggil
Ing ngisor iki katerangan bab tembung-tembung sing dienggo ing unggah-ungguh basa Jawa:
1.    Ngoko lugu
Basa ngoko lugu iku tembung-tembunge sing dienggo ngoko kabeh, ora ana krama lan krama inggile. Sing nganggo basa ngoko lugu yaiku:
·         Marang wong sapadha-padha utawa sing wis kulina banget
·         Wong tuwa marang wong anom utawa andhahane
·         Wong sing lagi ngunandika utawa mbatin
Tuladha:
Sesuk Alam ngajak aku ndelok bal-balan ing lapangan.
Adhiku ora bisa turu yen durung mangan.
Kancaku ora lunga sekolah amarga lara.
2.    Ngoko alus
Basa ngoko alus tembung-tembunge sing dienggo ngoko nanging kecampuran tembung-tembung krama inggil. Ngoko alus biyasane kanggo ngomongake wong tuwa utawa wong sing diajeni nanging sing ngomongake wis padha akrabe. Bisa uga wong tuwa ngomong marang wong anom sing diajeni. Wong wadon marang kakunge.
Tuladha:
Bapakku ora bisa ngrawuhi rapat amarga tindak ing Jakarta.
Putrane guruku ana sing dadi kancaku.

3.    Krama lugu
Basa krama lugu tembunge krama kabeh ora ana ngoko lan krama inggile. Sing nganggo wong tuwa marang wong enom sing durung dikenal. Bocah karo bocah sing durung kenal/lagi ketemu.
Tuladha:
Nak, sampeyan griyanipun pundi?
Mangga dhik mlebet rumiyin, Tiyas taksih tilem.

4.    Krama alus
Basa krama alus tembung-tembunge nganggo krama lan krama inggil, dadi ora kecampuran ngoko. Gunane kanggo ngomongke marang sapa wae sing diajeni utawa kanggo ngomong marang wong sing luwih tuwa utawa dhuwur drajate lan sing diomongake uga diajeni.
Tuladha:
Pak, dipunaturi serat saking sekolahan kagem mendhet rapot kula.

Kidang Kencana



Sawijining kewan alas memper wedhus, nanging ulese kulite mrusuh kuning ngemu giring arane kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda karo kidang liyane. Dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga. Mungguh sapa sejatine kang memba-memba dadi kidang iki, ora liya abdi kinasih, hiya pothete negara Ngalengka, kang ora ana liya kejaba Ditya Kala Marica. Kapinujon tinimbalan dening sang Prabu Rahwana, mungguh prelu wis suwe anggone saguh bakal methukake karo salah sijine pawongan titise Widowati kapiyarsa pangandikane Prabu Dasamuka, “He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora ana kasunyatane. Seprana-seprene tinemune mung wuwus, buktine ora ana. Mangka sing dak impi ora ana liya wanodya ing salumahing bantala iki ingkang dadi memaniking atiku kejaba titisan Wedowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang kowe, aku wis ora nggugu rembugan kang elok-elok nanging jebul amung lamisan. Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki kelakon dak untapake nyawamu neng Yomani”.
Mak brebet age-age Kala Marica ngrungkebi pangkone Prabu Dasamuka sarwi ngrerepa, “Adhuh Gusti sesembahan kula inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula munjuk atur pawongan ingkang dados titising Widowati.
Lagi tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. “Lhaa, ha ha ha, rakhisik, yo ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe bojo apa durung, panggonane ngendi Marica. Aja mung sing lega, nadyan wis duweya bojo pisan aku saguh megatake.
“Inggih sareh rumiyin. Panggenanipun wonten ing wana Dhandaka, piyambakipun sampun gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene naminipun Dewi Sinta. Wonten ing wana ngriku sajakipun lelena, kadherekaken kadangipun taruna nami Raden Lesmana, rupanipun sadaya tanpa cacad. Ingkang sepuh, ingkang enom punapa dene Dewi Sinta, sampun prasasat widadari ngejawentah.
“Bungah sang Dasamuka, “Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon, krubyuk kabotan pinjung.”
Nanging Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mangke ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha menyang alas Dhandhaka panggonane para satriya padha cangkrama. Nahenta kawuwusa kang enak padha lelangen ana kono, Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden Lesmana padha keslimur dene ndheleng sesawangan alas kang endah. Alas kene akeh tandurane kang uwohane enak dipangan kayadene rambutan, dhuku, jambu, lan liya-liyane, tur akeh kewane cilik-cilik kang endah-endah, kayata merak, kancil lan sebangsane. Saben dina nutug anggone lelangen ana ing alas.
Kacarita lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica milih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise andum gawe, si kidang nuli wiwit ngreridhu sang Dewi, kidange ethek-ethek lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gawe kagole penggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur gelem. Kocape lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cecakekatan wae, nanging mripat kang mencereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur musthi jemparing, dienerake marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani. Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa gawe trenyuh penggalihe  Dewi Sinta. Mangkono swara mau dibolan baleni nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta tumuju marang Raden Lesmana. “Mangkata adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakua. Mesakke banget, mung bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae.”
Ature Lesmana, “Kawula nuwun kakangmbok, punika sanes swantenipun kakangma Sri Rama, nanging swantenipun jubriksa ingkang memba-memba swantenipun kangmas Sri jatimulya Rama.”
Nanging sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, ora ngerti yen sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya ingkang ora kadarbe dening sapa wae. Banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen Raden Lesmana darbe karep ora prayoga marang dheweke.
Luput pandakwane Dewi Sinta, mula nuli bramantya, Raden Lesmana banjur matur marang Dewi Sinta, “Kakangmbok sampun ngucapake pangandika bilih kula kadakwa mboten sae, sedaya wau boten leres. Menawi mekaten kersanipun kakangmbok kula ngestokaken nanging pesen kula kakangmbok sampun ngantos medal saking garis ingkang kula damel menika. Menawi panjenengan ngantos medal saking garis, badhe nemahi bilahi”, nggone ngendika mangkono karo mlaku ninggalake papan panggonane Dewi Sinta.

Rabu, 04 Juni 2014

PEPILING



Iringing arga kang dadi pratandha
Endahing sangkala minangka pangeling dhiri
Hanetepi dhawuh saking Gusti
Gusti kang murbeng dumadi
Gusti kang paring pepesthen
Sapa wani ngingkari
Bakal rugi ing tembe mburi
Mula taat mring Gusti
Kang paring tentrem jroning ati

Anzar Subagas
Garung, 31 Mei 2014