Sabtu, 24 Mei 2014

Cerita Rakyat Saking Jepara



Asal-usul Ratu Kalinyamat

Nyeritaake Papan Kecamatan Kalinyamatan iku mesthi ora luput saka asal-usul Pangeran lan Ratu Kalinyamat. Piyambakipun yaiku wong sing duweni lelabuhan sanget gedhene ana ing Kabupaten Jepara mliginipun Kecamatan Kalinymatatan. Nama asline Ratu Kalinyamat yaiku Retna Kencana, putri saka Sultan Trenggono.
Pangeran Kalinyamat sejatine ora saka pulo Jawa, nanging saka Aceh. Nama asline yaiku Raden Toyib. Piyambakipun putra saking raja Aceh, yaiku Syech Mukhayyat Syah. Ing kono Raja Mukhayyat Syah banget anggone dikormati marang masarakat, merga pamarentahane sing jujur lan apik tanpa cacad.
Salah sawijning dina Pangeran Kalinymata diciderani marang tiyang sing ora seneng marang piyambakipun. Nganti-nganti warga isa ngusir dateng Pangeran Kalinyamat merga merga panyana sing ora-ora marang Pangeran Kalinyamat mau.
Pangeran Kalinyamat lan Bapake pindah ana ing pulo Jawa. Pangeran Kalinyamat ngedegake Desa Kalinyamat. Ing kono Pangeran Kalinyamat ketemu karo Retna Kencana,putri Bupati Jepara banjur kenalan. “Sapa jenengmu nimas ayu kang lumampah piyambakan?”, tembunge Pangeran Kalinyamat nalikane ketemu karo Retna Kencana.
“Kula Retna Kencana Kangmas. Panjenengan sinten nggih? Wonten keperluan napa nggih?” jawabe Retna Kencana kanthi wedi merga lagi sepisanan ketemu.
“Aku Toyib nimas. janjane ora ana apa-apa nimas, nanging aku pengin tepang marang sliramu.” Ujare Pangran Kalinyamat nyauti pitakone Retna Kencana.
Banjur Pangeran Kalinyamat lan Retna kencana omong-omongan nganti kalorone mau cedhak lan tepang siji marang sijine. Ing kono Pangeran Kalinyamatan seneng sanget, merga panyanane Retna Kencana iku bakal dadi jodone.
Sasuwene kenal lan cedhak, banjur Pangeran Kalinyamat lan Retna Kencana dhaup. Sawise dadi garwane Pangeran Kalinyamat, Retna Kencana pikantuk gelar Ratu Kalinyamat. Pangeran Kalinyamat dadi kulawarga kerajaan Demak lan pikantuk gelar Pangeran Hadirin Sawise dhaup kalihan Retna Kencana.
Pangeran Kalinyamat anggene dadi pemimpin menika dadi pemimpin sing adil, tanggil jawab, ora pilih kasih lan ramah marang liyan. Kamangka iku piyambake disegani kalihan warga lan tiyang kang tepang marang piyambake mau.  
Nalika abad 15 Sunan Prawata raja Demak kaping papat gugur dipateni kongkonan Arya Penangsang sedulure sing dadi Bupati Jipang. Ing kono Ratu Kalinyamat weruh keris Kyai Betok duweke Sunan Kudus kang nancep ing mayite kakange. Mula iku Pangeran lan Ratu Kalinyamat ora terima, banjur mangkat menyang Kudus golek kabeneran lan keadilan.
Sowane Pangeran lan Ratu Kalinyamat menyang kudus jebul dadi pituduh yen sabenera Sunan Kudus iku dadi bebelane Arya Penangsang gedur minangka ngrebutake warisan raja Trenggana. Tekane Pangeran lan Ratu Kalinymat ana ing Kudus banjur takon, jaluk pituduh marang Sunan Kudus. Ing kono Pangeran Kalinyamat nganti ora isa sabar ngereh-ereh atine.
“Kena apa kakangku kok perjaya Kanjeng Sunan?”, nggetake Pangeran Kalinymat tanpa ngerti jluntrungane kepiye.
 Ing kono Sunan Kudus jelasake, “Sunan Prawata nalika esih nom mateni Pangeran Sekar Seda Lepen bapake Arya Penangsang, mula kadadean iki dianggep balesan saka kelakuane dhisek”.
“Apa ya kudu kaya ngono balesane?”, saute Ratu Kalinyamat rada dhuwur swarane merga ora lila yen kakange pranyata wis mati.
Wangsulane Sunan Kudus kanthi tenang tanpa rasa duka, “Nyatane takdir wis kaya mangkono, kabeh iku mau wis dadi pesthine saka Gusti kang Akrya Jagad. Dadi ora kudu dipermasalahno maneh Raden”.
“Ora kanyana kaya mangkono matrapmu, aku ora lila yen kadadean sabenere kaya mangkono”. Saute Pangeran Kalinyamat.
Sawise Sunan Kudus jelasake kaya mangkono, Pangeran lan Ratu Kalinyamat ora isa ngomong apa-apa maneh. Nanging sejatine ing ati kalorone mau ora isa diapusi yen ora trima marang apa sing wis dilakokae karo Sunan Prawata, kakange Ratu Kalinyamat. 
Pangeran lan Ratu Kalinyamat kuciwa marang sikape Sunan Kudus, banjur bali menyang Jepara. Nalika pamit bali menyang Jepara mau, Pangeran lan Ratu Kalinyamat ora nyana yen dheweke karo bojone ditutke ana ing mburi dening utusane Arya Penangsang. Arya Penangsang duweni kekarepan yen utusane mau bisa mateni Pangeran lan Ratu Kalinyamat mau sadurunge tekan Jepara.
Ing tengah dalan Pangeran lan Ratu Kalinyamat dicegat lan dikroyok kongkonane Arya Penangsang. Awale Pangeran lan Ratu Klainyamat ora ngerti sejatine sapa la ana perlu apa dheweke dicegat.  Ing kono kadadean perang kang sengit amarga Pangeran Kalinyamat belani awake dhewe lan bojone. Nanging akhire  Pangeran Kalinyamat seda.
Critane sadurunge seda, nalika iku Pangeran Kalinyamat esih isa ngrambat-ngrambat, saengga panggonan mau diarani Desa Prambatan. Ing peperangan mau Ratu Kalinymat uga diciderani marang pengroyok mau, nanging ora banget anggone ngrasa lara. Sadurunge lunga para pangroyok mau ngaku yen diutus saka Arya Penangsang supaya nyedani Pangeran Kalinyamatan. Bareng ngerti sapa sejatine ana ing mburinan kedadean iki mau Ratu Kalinyamat duka lan sumpah marang awake dhewe kalihan marang mayite bojone.   
Sawise iku Ratu Kalinyamat gawa mayite bojone nglewati kali, ing kono getih sing metu saka awake bojone mili kecampur banyu kali lan dadeake werna banyu kali mau ungu. Mangka nganti saiki diarani Kaliwungu. Saya suwe saya mangulon Ratu Kalinyamat krasa kesel lan lesu, mlakune nganti sempoyongan (moyang-moyong), sing saiki papan panggonan kuwi mau dijenengi Mayong. Nalika tekan Purwogondo, sing diarani kuwi mau merga mayite Pangeran Kalinyamat mulai ngetokake mambu sing beda. Sawise iku Ratu Kalinyamat mlaku maneh nganti nglewati Pecangaan lan pungkasane tekan Mantingan. Ana ing mantingan mau mayite Pangeran Kalinyamat (Sultan Hadirin) dikubur. Nganti saiki makame dadi papan panggonan sing asring diparani masarakat sekitar lan masarakat liyane kanggo golek kaberkahan.
Sawise bojone mati, Ratu Kalinyamat sabenere pikantuk tugas ingkang awrat sanget, yaiku ganteni tahta pamarentahane bojone. Nanging Ratu Kalinyamat ora gelem merga durung siap. Malahan ngucap janji, “Aku arep nglakoni tapa wuda ing Gunung Danareja kang dadi wujud dukaku merga Pangeran Hadirin seda” kanggo tandha tresna lan bekti marang bojone.
Krungu ujare sing kaya ngono mau, Adipati Wijaya menggak supaya ora sida ngelakoni tapa tanpa busana mau. “Aja cepet-cepet mutuske kaya mangkono Nyai Ratu Kalinyamat, apa ya ora mesakake marang wargamu kabeh?”.
“Aku wis janji marang awakku dhewe Wijaya, aku ora bakal mundur saka apa sing dakucapake.” Jawabe Ratu Klainyamat kanthi teges.
Ratu Kalinyamat tetep ora nggagas nasehate adhi ipene mau. Ratu Kalinyamat tetep nglakoni tapa wuda ana ing Gunung Danareja. Dheweke ngucap yen ora bakal gelem nganggo klambi yen durung ngeti tugele sirahe Arya Penangsang. Nganti Adipati Wijaya nyusul marang Ratu Kalinyamat. Ing kono adhi ipene mau ngajak yen Ratu Kalinyamat supaya bali marang Keraton, nanging ora gelem. Merga Ratu kalinyamat duweni tekad marang kekarepane yen Arya Penangsang kudu mati mula dheweke gelem bali marang keraton. Sing dadi kekarepane yaiku yen adhi ipene sing aran Hadiwijaya (Jaka Tingkir), bupati Pajang bakal isa mateni Arya Penangsang lan gawa sirahe ana ing ngarepe tapane Ratu Kalinyamat.
Nalika nglakoni tapa tanpa busana Ratu Kalinyamat entuk wangsit, sing isine dadeake tambah kuwat kapribadene lan teges anggone tumindak. Iku mau pratanda yen piyambakipun bakal dadi pemimpin sing jujur, teges lan adil marang kaume.
Hadiwijaya nganaake sayembara yen sapa wonge sing isa mateni Arya Penangsang bakal diwenehi hadiah, yaiku tanah Mataram lan Pati. Amarga  Hadiwijaya ora gelem ngadhepi Arya Penangsang merga esih padha-padha kulawarga Demak. Awale ora ana sing wani melu sayembara mau. Lajenng Hadiwijaya ngajak rembagan kalihan Ki Pamanahan, Ki panjawi dan Ki Juru Mertani. Ing pirembagan mau entuk keputusan yen Danang Sutawijaya sing maju ngadhepi Arya Penangsang. Mangkate Sutawijaya digawani pusaka sekti kang awujud tombak, yaiku duweni jeneng Kyai Pleret. Sutawijaya uga kairing kalihan Ki Pamanahan, Ki Panjawi, Ki Juru Mertani serta 200 perjurit lunga menyang bengawan Coket, siaga ngadhang Arya Penangsang.
Ing akhire Arya Penangsang diperjaya dening Sutawijaya  nganggo tombak. Merga Arya Penangsang nyepeleake apa sing dadi pantangan marang awake yaiku ora kena nglewati Bengawan Coket nalika arep perang. Nanging dheweke ora percaya lan tetep nglanggar.
Nuruti apa sing diucapake nalika arep nglakoni tapa wuda, yen Ratu kalinyamat bakal gelem nganggo busana maneh yen ngerti Arya Penangsang mati. Sawise mungkur saka tapane, Ratu Kalinyamat diangkat dadi bupati Jepara. Piyambakipun ngemban tugas nerusaken pamarentahan bojone sing mandheg sawetawis.
Pancen kabukti nalikane tapa Ratu Kalinyamat pikantuk wangsit. Pranyata Ratu Kalinyamat iku dadi pamarntah sing teges lan adil. Dadi pangajeng-ajeng kaume yen piyambake dadi wanita sing prakasa lan adil marang kabeh kaume.
Matine Arya Penangsang dadeake wilayah Demak, Jepara lan Jipang iku ana ing sangisore pamarentahan Pajang sing dipimpin Hadiwijaya. Ananging Hadiwijaya tetep hormat marang Ratu Kalinyamat merga dianggep dadi tokoh sing luwih sepuh. Amarga Hadiwijaya iku duweni sifat kang tetep khormat marang sapa wae kang dianggep luwih sepuh saka dheweke.  
Ing jaman pamarentahan Ratu Kalinyamat serik banget lan anti banget marang Portugis sing njajah. Mula ngirim perjurit kanggo nglawan Portugis, supaya isa bebasna Malaka saka Portugis. Ing penyerbuan kapisan iki prajurit Jepara kalah lan diarahke mundur supaya ora mati kabeh ana ing perang nglawan Portugis. Pranyata  prajurit saka Jepara sing mati akeh, nanging iku mau ora dadeake wedi Ratu Kalinyamat nyerang lan nglawan Portugis maneh.
Nalika akhir abad 16 Ratu Kalinyamat dijaluki tulung Sultan Aceh kanggo nyerbu Malaka. Ratu Kalinyamat ngirim prajurit sing cacahe ana ewunan. Tekan Malaka jebul pasukan sing saka Aceh wis diserang lan kalah. Ana ing kono prajurit Jepara gawe strategi kanthi gawe benteng pertahanan kanggo nglawan Portugis. Prajurit Jepara nyerang nembaki saka selat Malaka. Serangan saka prajurit Jepara ora ana apa-apane marang prajurit Portugis. Nalika Portugis mulai nglawan serangane prajurit Jepara lan Aceh, benteng pertahanan sing digalakke prajurit Jepara akhire runtuh lan kalah. Prajurit Jepara mundur merga pasukane akeh sing gugur ana ing peperangan.
Kekalahan sing kaping loro iki tetep wae ora dadeakke Ratu Kalinyamat lemah, nanging tetep ngetokake yen dheweke iku wanita sing tangguh lan kendel. Nganti Portugis nyebut yen “Ratu Jepara adalah seorang wanita yang kaya dan berkuasa, dan juga seorang wanita yang pemberani dan tangguh”. Jaman memerintah Ratu Kalinyamat kagolong dadi Ratu kang adil, ora mbedaake sedulur yen pancen salah tumindake.
Suwe anggone mimpin Jepara, Ratu kalinyamat seda. Sadane nalika taun 1579. Dheweke dikubur ana ing Yogyakarta. Nanging akeh sing nganggep yen makame Ratu Kalinyamat iku ana ing Mantingan, yaiku sandhinge makam Sultan Hadirin. Nanging iku mau namung simpang siur. Sing sabenere makame yaiku ana ing Yogyakarta.
Labuh labete Ratu Kalinyamat marang Jepara pancen ora perlu diingkari, merga piyambakipun salah satunggaling wanita kang bisa dadi panutan marang generasi wanita samenika lan sateruse. Amarga duweni kapribaden kang jujur, tangguh lan adil marang sapa wae tanpa mbedaake iku mau sedulur utawa lawan.
Ana cerita lan iku wis kabukti yen neng masjid cedhak makame Sultan Hadirin iku ana sumber banyu, yen sapa wonge isa gawa banyu mau nganti tekan Yogyakarta, makame Ratu Kalinyamat tanpa wutah banyu mau lan nyiramake banyu mau ana ing makame Ratu Kalinyamat, mangka wong mau bakal gampang anggone golek rejeki. Nanging nyatane ora akeh sing isa nglakoni perkara kaya ngono mau. Amarga wis ana conto nyata.
Kanggo ngormati lan ngeling-eling apa kang tau diperjuangke Ratu Kalinyamat, masarakat Kriyan, kecamatan kalinyamatan nganaake arak-arakan kanthi simbol sosok Ratu Kalinyamat. Arak-arakan iku mau dianaake setiap malam nisfu sya’ban. Arak-arakan iku mua dumulai saka Masjid Al-Makmur (Desa Kriyan) nganti tekan latar kantor kecamatan. Arak-arakan biasane diiringi impes (Lampion).
Konon ceritane sing dadi simbol Ratu Kalinyamat iku kudu ayu, merga Ratu Kalinyamat iku wanita kang ayune ora ana tandhingane nalikane isih urip. Sing dadi paraga mau kudu diaudisi saka cah SMA lan sing kepilih dadi paraga iku mau kudu nglakoni tirakatan, yaiku pasa pitung dina sadurunge prosesi arak-arakan. - (Cesc_AS)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar