Rabu, 28 Mei 2014

PARIKAN & WANGSALAN


PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen jawa sing nganggo purwakanthi (sajak) swara. Parikan dumadi saka rong ukara. Ukara kapisan minangka pancadan utawa kanggo narik kawigaten (kapacak ing ngarep), dene sing kapindho minangka isi utawa mawa teges kang dikarepake (ukara pungkasan). Parikan ing basa Indonesia kayadene pantun. Purwakanthi parikan bisa digawe adhedhasar petungan wanda (suku kata) lan tibane swara.
. Ciri – cirining parikan :
  1.  Nduweni purwakanthi ab-ab
  2.  Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baring kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi. 
  3. Pedhotane parikan ana sing 4 – 4 lan 4 – 8 ( kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tugase gunggunge wanda saben sak gatra.
  4. Guna paedahe parikan kanggo nasihat , nyemoni, utawa gojegkan ana ing pacelathon.
Adhedhasar purwakanthi swara, parikan ana 3 werna.
  • Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
               Tuladha           : Wajik Kletik, gula jawa
   Luwih becik, sing prasaja


  • Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
               Tuladha           : Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
                                        Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur


  • Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
              Tuladha           : Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
                                       Aja awatak gumampang, ingatase calon guru



WANGSALAN
Wangsalan yaiku ukara kang ngemot batangan utawa bedhekan. Saperangane tembung ana kang didhelikake tegese utawa karepe. Tembung kang didhelikake iki minangka tegese utawa karepe.
Tembung-tembung bedhekan iki biasane dumadi saka jeneng-jeneng kewan, kembang, perangane barang, utawa wit-witan kang madha swara karo batangane. Anggone negesi kanthi diuthak-athik gathuk, jumbuh karo teges ukara sawutuhe. 
Tuladha Wangsalan :

  • Wah, kok njanur gunung, kadingaren njenengan tindak mriki.                                                               (janur gunung = aren : kadingaren) 
  • Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges – negesi barang.                        (rokok cedhak = tegese : neges – neges)
3.      Aja njenang gula lho, le, yen diutus ibu, mengko awakmu lali.
(jenang gula = gali : lali)
4.      Esuk – esuk kok wis nggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.
(godhong garing, ethok – ethok ora ngerti yen disapa)
5.      Mbalung klapa, ethok – ethok ora ngerti yen disapa.
(balung klapa = bathok  = ethok – ethok)
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar