Asal-usul Ratu
Kalinyamat
Nyeritaake Papan Kecamatan Kalinyamatan iku mesthi ora luput saka
asal-usul Pangeran lan Ratu Kalinyamat.
Piyambakipun yaiku wong sing duweni lelabuhan sanget gedhene ana ing Kabupaten
Jepara mliginipun Kecamatan Kalinymatatan.
Nama asline Ratu Kalinyamat yaiku Retna Kencana, putri saka Sultan Trenggono.
Pangeran Kalinyamat sejatine ora saka pulo Jawa,
nanging saka Aceh. Nama asline yaiku Raden Toyib. Piyambakipun putra saking
raja Aceh, yaiku Syech Mukhayyat Syah. Ing kono Raja Mukhayyat Syah banget
anggone dikormati marang masarakat, merga pamarentahane sing jujur lan apik
tanpa cacad.
Salah sawijning
dina Pangeran Kalinymata diciderani marang tiyang sing ora seneng marang
piyambakipun. Nganti-nganti warga isa ngusir dateng Pangeran Kalinyamat merga
merga panyana sing ora-ora marang Pangeran Kalinyamat mau.
Pangeran Kalinyamat lan Bapake pindah ana ing pulo
Jawa. Pangeran Kalinyamat ngedegake Desa Kalinyamat. Ing kono Pangeran
Kalinyamat ketemu karo Retna Kencana,putri Bupati Jepara banjur kenalan. “Sapa
jenengmu nimas ayu kang lumampah piyambakan?”, tembunge Pangeran Kalinyamat
nalikane ketemu karo Retna Kencana.
“Kula Retna Kencana Kangmas. Panjenengan sinten
nggih? Wonten keperluan napa nggih?” jawabe Retna Kencana kanthi wedi merga
lagi sepisanan ketemu.
“Aku Toyib nimas. janjane ora ana apa-apa nimas, nanging
aku pengin tepang marang sliramu.” Ujare Pangran Kalinyamat nyauti pitakone
Retna Kencana.
Banjur Pangeran Kalinyamat lan Retna kencana
omong-omongan nganti kalorone mau cedhak lan tepang siji marang sijine. Ing
kono Pangeran Kalinyamatan seneng sanget, merga panyanane Retna Kencana iku
bakal dadi jodone.
Sasuwene kenal lan cedhak, banjur Pangeran
Kalinyamat lan Retna Kencana dhaup. Sawise dadi garwane Pangeran Kalinyamat,
Retna Kencana pikantuk gelar
Ratu Kalinyamat. Pangeran Kalinyamat dadi kulawarga kerajaan Demak lan pikantuk
gelar Pangeran Hadirin Sawise dhaup kalihan Retna Kencana.
Pangeran Kalinyamat anggene dadi pemimpin menika dadi
pemimpin sing adil, tanggil jawab, ora pilih kasih lan ramah marang liyan.
Kamangka iku piyambake disegani kalihan warga lan tiyang kang tepang marang
piyambake mau.
Nalika abad 15 Sunan Prawata raja Demak kaping papat
gugur dipateni kongkonan Arya Penangsang sedulure sing dadi Bupati Jipang. Ing
kono Ratu Kalinyamat weruh keris Kyai Betok duweke Sunan Kudus kang nancep ing
mayite kakange. Mula iku Pangeran lan Ratu Kalinyamat ora terima, banjur mangkat
menyang Kudus golek kabeneran
lan keadilan.
Sowane Pangeran lan Ratu Kalinyamat menyang kudus jebul
dadi pituduh yen sabenera Sunan Kudus iku dadi bebelane
Arya Penangsang gedur minangka ngrebutake warisan raja Trenggana. Tekane Pangeran lan Ratu
Kalinymat ana ing Kudus banjur
takon, jaluk pituduh marang Sunan Kudus. Ing kono Pangeran Kalinyamat nganti
ora isa sabar ngereh-ereh atine.
“Kena apa kakangku kok perjaya Kanjeng Sunan?”, nggetake
Pangeran Kalinymat tanpa ngerti jluntrungane
kepiye.
Ing kono
Sunan Kudus jelasake, “Sunan Prawata nalika esih nom mateni Pangeran Sekar Seda
Lepen bapake Arya Penangsang, mula kadadean iki dianggep balesan saka kelakuane
dhisek”.
“Apa ya kudu kaya ngono balesane?”, saute Ratu Kalinyamat
rada dhuwur swarane merga ora lila yen
kakange pranyata wis mati.
Wangsulane Sunan Kudus kanthi tenang tanpa rasa duka,
“Nyatane takdir wis kaya mangkono, kabeh iku mau wis dadi pesthine saka Gusti
kang Akrya Jagad. Dadi ora kudu dipermasalahno maneh Raden”.
“Ora kanyana kaya mangkono matrapmu, aku ora lila yen
kadadean sabenere kaya mangkono”. Saute Pangeran Kalinyamat.
Sawise Sunan Kudus jelasake kaya mangkono, Pangeran lan
Ratu Kalinyamat ora isa ngomong apa-apa maneh. Nanging sejatine ing ati
kalorone mau ora isa diapusi yen ora trima marang apa sing wis dilakokae karo
Sunan Prawata, kakange Ratu Kalinyamat.
Pangeran lan Ratu Kalinyamat kuciwa marang sikape Sunan
Kudus, banjur bali menyang Jepara.
Nalika pamit bali menyang Jepara mau, Pangeran lan Ratu Kalinyamat ora nyana
yen dheweke karo bojone ditutke ana ing mburi dening utusane Arya Penangsang.
Arya Penangsang duweni kekarepan yen utusane mau bisa mateni Pangeran lan Ratu
Kalinyamat mau sadurunge tekan Jepara.
Ing tengah dalan Pangeran lan Ratu Kalinyamat
dicegat lan dikroyok kongkonane Arya Penangsang. Awale Pangeran lan Ratu
Klainyamat ora ngerti sejatine sapa la ana perlu apa dheweke dicegat. Ing kono kadadean perang kang sengit amarga
Pangeran Kalinyamat belani awake dhewe lan bojone. Nanging akhire Pangeran Kalinyamat seda.
Critane sadurunge seda, nalika iku Pangeran
Kalinyamat esih isa ngrambat-ngrambat, saengga panggonan mau diarani Desa
Prambatan. Ing peperangan mau Ratu Kalinymat uga diciderani marang pengroyok
mau, nanging ora banget anggone ngrasa lara. Sadurunge lunga para pangroyok mau
ngaku yen diutus saka Arya Penangsang supaya nyedani Pangeran Kalinyamatan.
Bareng ngerti sapa sejatine ana ing mburinan kedadean iki mau Ratu Kalinyamat
duka lan sumpah marang awake dhewe kalihan marang mayite bojone.
Sawise iku Ratu Kalinyamat gawa mayite bojone nglewati kali,
ing kono getih sing metu saka awake bojone mili kecampur banyu kali lan dadeake
werna banyu kali mau ungu. Mangka nganti saiki diarani Kaliwungu. Saya suwe
saya mangulon Ratu Kalinyamat krasa kesel lan lesu, mlakune nganti sempoyongan
(moyang-moyong), sing saiki papan panggonan kuwi mau dijenengi Mayong. Nalika
tekan Purwogondo, sing diarani kuwi mau merga mayite Pangeran Kalinyamat mulai
ngetokake mambu sing beda. Sawise iku Ratu Kalinyamat mlaku maneh nganti
nglewati Pecangaan lan pungkasane tekan Mantingan. Ana ing mantingan mau mayite
Pangeran Kalinyamat (Sultan Hadirin) dikubur. Nganti saiki makame dadi papan
panggonan sing asring diparani masarakat sekitar lan masarakat liyane kanggo
golek kaberkahan.
Sawise bojone mati, Ratu Kalinyamat sabenere
pikantuk tugas ingkang awrat
sanget, yaiku ganteni tahta pamarentahane bojone. Nanging Ratu Kalinyamat ora
gelem merga durung siap. Malahan ngucap janji, “Aku arep nglakoni tapa wuda ing
Gunung Danareja kang dadi wujud dukaku merga Pangeran Hadirin seda” kanggo tandha tresna lan bekti marang bojone.
Krungu ujare sing kaya ngono mau, Adipati Wijaya
menggak supaya ora sida ngelakoni tapa tanpa busana mau. “Aja cepet-cepet
mutuske kaya mangkono Nyai Ratu Kalinyamat, apa ya ora mesakake marang wargamu
kabeh?”.
“Aku wis janji marang awakku dhewe Wijaya, aku ora bakal
mundur saka apa sing dakucapake.” Jawabe Ratu Klainyamat kanthi teges.
Ratu Kalinyamat tetep ora nggagas nasehate adhi
ipene mau. Ratu Kalinyamat tetep nglakoni tapa wuda ana ing Gunung Danareja.
Dheweke ngucap yen ora bakal gelem nganggo klambi yen durung ngeti tugele
sirahe Arya Penangsang. Nganti Adipati Wijaya nyusul marang Ratu Kalinyamat.
Ing kono adhi ipene mau ngajak yen Ratu Kalinyamat supaya bali marang Keraton,
nanging ora gelem. Merga Ratu kalinyamat duweni tekad marang kekarepane yen
Arya Penangsang kudu mati mula dheweke gelem bali marang keraton. Sing dadi kekarepane
yaiku yen adhi ipene sing aran Hadiwijaya (Jaka Tingkir), bupati Pajang bakal
isa mateni Arya Penangsang lan gawa sirahe ana ing ngarepe tapane Ratu
Kalinyamat.
Nalika nglakoni tapa tanpa busana Ratu Kalinyamat
entuk wangsit, sing isine dadeake tambah kuwat kapribadene lan teges anggone
tumindak. Iku mau pratanda yen piyambakipun bakal dadi pemimpin sing jujur,
teges lan adil marang kaume.
Hadiwijaya nganaake sayembara yen sapa wonge sing
isa mateni Arya Penangsang bakal diwenehi hadiah, yaiku tanah Mataram lan Pati.
Amarga Hadiwijaya ora gelem ngadhepi
Arya Penangsang merga esih padha-padha kulawarga Demak. Awale ora ana sing wani
melu sayembara mau. Lajenng Hadiwijaya ngajak rembagan kalihan Ki Pamanahan, Ki
panjawi dan Ki Juru Mertani. Ing pirembagan mau entuk keputusan yen Danang
Sutawijaya sing maju ngadhepi Arya Penangsang. Mangkate Sutawijaya digawani
pusaka sekti kang awujud tombak, yaiku duweni jeneng Kyai Pleret. Sutawijaya
uga kairing kalihan Ki Pamanahan, Ki Panjawi, Ki Juru Mertani serta 200
perjurit lunga menyang bengawan Coket, siaga ngadhang Arya Penangsang.
Ing akhire Arya Penangsang diperjaya dening
Sutawijaya nganggo tombak. Merga Arya
Penangsang nyepeleake apa sing dadi pantangan marang awake yaiku ora kena
nglewati Bengawan Coket nalika arep perang. Nanging dheweke ora percaya lan
tetep nglanggar.
Nuruti apa sing diucapake nalika arep nglakoni tapa
wuda, yen Ratu kalinyamat bakal gelem nganggo busana maneh yen ngerti Arya
Penangsang mati. Sawise mungkur saka tapane, Ratu Kalinyamat diangkat dadi
bupati Jepara. Piyambakipun ngemban tugas nerusaken pamarentahan bojone sing
mandheg sawetawis.
Pancen kabukti nalikane tapa Ratu Kalinyamat pikantuk
wangsit. Pranyata Ratu Kalinyamat iku dadi pamarntah sing teges lan adil. Dadi
pangajeng-ajeng kaume yen piyambake dadi wanita sing prakasa lan adil marang
kabeh kaume.
Matine Arya Penangsang dadeake wilayah Demak, Jepara
lan Jipang iku ana ing sangisore pamarentahan Pajang sing dipimpin Hadiwijaya.
Ananging Hadiwijaya tetep hormat marang Ratu Kalinyamat merga dianggep dadi
tokoh sing luwih sepuh. Amarga Hadiwijaya iku duweni sifat kang tetep khormat
marang sapa wae kang dianggep luwih sepuh saka dheweke.
Ing jaman pamarentahan Ratu Kalinyamat serik banget
lan anti banget marang Portugis sing njajah. Mula ngirim perjurit kanggo
nglawan Portugis, supaya isa bebasna Malaka saka Portugis. Ing penyerbuan
kapisan iki prajurit Jepara kalah lan diarahke mundur supaya ora mati kabeh ana
ing perang nglawan Portugis. Pranyata
prajurit saka Jepara sing mati akeh, nanging iku mau ora dadeake wedi
Ratu Kalinyamat nyerang lan nglawan Portugis maneh.
Nalika akhir abad 16 Ratu Kalinyamat dijaluki tulung
Sultan Aceh kanggo nyerbu Malaka. Ratu Kalinyamat ngirim prajurit sing cacahe
ana ewunan. Tekan Malaka jebul pasukan sing saka Aceh wis diserang lan kalah.
Ana ing kono prajurit Jepara gawe strategi
kanthi gawe benteng pertahanan kanggo nglawan Portugis. Prajurit Jepara nyerang
nembaki saka selat Malaka. Serangan saka prajurit Jepara ora ana apa-apane
marang prajurit Portugis. Nalika Portugis mulai nglawan serangane prajurit
Jepara lan Aceh, benteng pertahanan sing digalakke prajurit Jepara akhire
runtuh lan kalah. Prajurit Jepara mundur merga pasukane akeh sing gugur ana ing
peperangan.
Kekalahan sing kaping loro iki tetep wae ora
dadeakke Ratu Kalinyamat lemah, nanging tetep ngetokake yen dheweke iku wanita
sing tangguh lan kendel. Nganti Portugis nyebut yen “Ratu Jepara adalah seorang wanita yang kaya dan berkuasa, dan juga
seorang wanita yang pemberani dan tangguh”. Jaman memerintah Ratu
Kalinyamat kagolong dadi Ratu kang adil, ora mbedaake sedulur yen pancen salah
tumindake.
Suwe anggone mimpin Jepara, Ratu kalinyamat seda.
Sadane nalika taun 1579. Dheweke dikubur ana ing Yogyakarta. Nanging akeh sing
nganggep yen makame Ratu Kalinyamat iku ana ing Mantingan, yaiku sandhinge
makam Sultan Hadirin. Nanging iku mau namung simpang siur. Sing sabenere makame
yaiku ana ing Yogyakarta.
Labuh labete Ratu Kalinyamat marang Jepara pancen
ora perlu diingkari, merga piyambakipun salah satunggaling wanita kang bisa
dadi panutan marang generasi wanita samenika lan sateruse. Amarga duweni
kapribaden kang jujur, tangguh lan adil marang sapa wae tanpa mbedaake iku mau
sedulur utawa lawan.
Ana cerita lan iku wis kabukti yen neng masjid
cedhak makame Sultan Hadirin iku ana sumber banyu, yen sapa wonge isa gawa
banyu mau nganti tekan Yogyakarta, makame Ratu Kalinyamat tanpa wutah banyu mau
lan nyiramake banyu mau ana ing makame Ratu Kalinyamat, mangka wong mau bakal
gampang anggone golek rejeki. Nanging nyatane ora akeh sing isa nglakoni
perkara kaya ngono mau. Amarga wis ana conto nyata.
Kanggo ngormati lan ngeling-eling apa kang tau
diperjuangke Ratu Kalinyamat, masarakat Kriyan, kecamatan kalinyamatan nganaake
arak-arakan kanthi simbol sosok Ratu Kalinyamat. Arak-arakan iku mau dianaake
setiap malam nisfu sya’ban. Arak-arakan iku mua dumulai saka Masjid Al-Makmur
(Desa Kriyan) nganti tekan latar kantor kecamatan. Arak-arakan biasane diiringi
impes (Lampion).
Konon ceritane sing dadi simbol Ratu Kalinyamat iku
kudu ayu, merga Ratu Kalinyamat iku wanita kang ayune ora ana tandhingane
nalikane isih urip. Sing dadi paraga mau kudu diaudisi saka cah SMA lan sing kepilih dadi paraga iku mau kudu
nglakoni tirakatan, yaiku pasa pitung dina sadurunge prosesi arak-arakan. - (Cesc_AS)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar