Senin, 24 Februari 2014

Perjalan Menuju Bali

Semakin menemukan titik cerah diantara gumpalan kabut hitam yang membentang luas.~ Mugi lancar sedayanipun. ~ Cesc_AS

#Surabaya, 20-01-2014

Langit Bermuram Durja

Tak bosan-kah kau tampakkan selalu raut muka yang bermuram durja itu, sungguh lebih indah jika kau tunjukkan semburat sinar dari sang surya. ini tidaklah keluh kesah dalam diri, melainkan sebuah harapan.... (wahai langit). ~ Cesc_AS 

#Bandungrejo, Kalinyamatan, Jepara "30-01-2014"

SECANGKIR COKELAT


Secangkir cokelat itu memanglah nikmat kata orang. Akan tetapi pada dasarnya cokelat memanglah pahit. Untuk itu dengan sedikit tambahan gula, rasa itu berubah menjadi manis. Rasa yang memberikan kenikmatan tersendiri bagi penikmat coklat.
Panas Cokelat dalam cangkir memanglah menggoda. Dengan diseduh, coklat itu mampu memberikan dua rasa yang menjadi satu, yaitu pahit dan manis. Secangkir cokelat juga bisa menenangkan lewat aroma dan rasanya. ~"Secangkir cokelat yang memberi kehangatan dan kenyamanan".
_"Cesc_AS,D'first"

KKL BAHASA DAN SASTRA JAWA '11

Bedugul, Bali

KKL BAHASA DAN SASTRA JAWA '11

Desa Adat Panglipuran, Bali

@RRI SEMARANG


LOMBA KARAWITAN @RRI SURAKARTA


LOMBA KARAWITAN @RRI SURAKARTA


KKL BAHASA DAN SASTRA JAWA '11

Desa Adat Panglipuran, Bali

ANALISIS SYI’IR PADANG BULAN HABIB LUTHFI PEKALONGAN

Syi'ir Padang Bulan
(Habib Luthfi)

Allohumma Sholli wa Sallim 'alaa sayyidinaa wa maulanaa Muhammadin
'Adada maa fii 'ilmillahi Sholatan daaimatan bidawaami mulkillaahi

Padang bulan, padange kaya rina
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore
Kene tak critani Kanggo sebo mengko sore

Lamun wong tuwa, lamun wong tuwa keliru mimpine
Ngalamat bakal, ngalamat bakal getun mburine
Wong tuwa loro kondur ing ngarsa pengiran
Anak putune rame-rame rebutan warisan

Wong tuwa loro ing njero kubur anyandhang susah
Sebab mirsani Putra putrine ora ngibadah
Wong tuwa loro ing njero kubur anyandhang susah
Sebab mirsani putra putrine dha pecah belah
Kang den arep-arep  yaiku turune rohmat
Jebul kang teka, jebul kang teka nambahi fitnah

Iki dina aja lali lunga ngaji
Takon marang kyai guru kang pinuji
Enggal sira ora gampang kebujuk syetan
Insya Allah kita menang lan kabejan

Jaman kepungkur ana jaman jaman buntutan
Esuk-esuk rame rame luru ramalan
Gambar kucing dikira gambar macan
Bengi diputer, bengi diputer metu wong edan

Kurang puas kurang puas luru ramalan
Wong ora waras, wong ora waras dadi takonan
Kang ditakoni ngguyu cekaka'an
Jebul kang takon, jebul kang takon wis ketularan.


RINGKASAN

Ing syi’ir menika nyritaake kahanan kang asring kadadian, kayata akeh wong sing padha seneng rame rebutan warisan nalika wong tuwa lorone kondur ing ngarsa pengiran. Sabenere wong tuwa mau padha susah nalika ana ing jero kubur, sebab ngerti yen putra-putrine ing donya padha pecah belah ora gelem rukun lan padha ora gelem ngibadah marang Gusti. Mula sing dikarepake wong tuwa mau yaiku turune rohmat saking Allah SWT lantaran dongane saka anak putune, nanging ora rahmat sing tumurun, malah nambahi fitnah.
Jaman kepungkur uga akeh luru ramalan rana-rene, mung pengin supaya cepet sugih tanpa kerja. Malah nganti ana wong ora waras uga dadi takonan. Lakon kaya mau iku mung nuruti hawa nafsu, ora gelem ikhtiar apa meneh donga marang Gusti ingkang Maha Agung. Mula sangka iku padha lungaa ngaji, golek kyai utawa guru kang pinuji, yaiku sae tata kramane. Supaya ora gampang kabujuk syetan.

ULASAN

Dari syi’ir di atas yang berjudul “Syi’ir Padang Bulan” merupakan karya dari Habib Luthfi, Pekalongan. Beliau dilahirkan di Pekalongan pada hari Senin, pagi tanggal 27 Rajab tahun 1367 H. Bertepatan tanggal 10 November, tahun 1947 M. Beliau adalah seorang habaib atau waliyullah yang mempunyai banyak santri di pondok pesantren Al-Hidayah di Pekalongan. Isi dari syi’ir beliau merupakan tuntunan ajaran, juga sebagai peringatan kepada umat muslim pada umumnya, supaya selalu ingat pada perintah Allah dan menjauhi larangan dari Allah SWT. Dalam era moderenisasi dan globalisasi sekaarang ini, banyak perilaku manusia yang menyimpang terhadap peraturan agama, khususnya agama Islam. Maka dari itu Habib Luthfi menulis syi’ir padang bulan untuk mengajak kaum muslim supaya mengaji dan menuntut ilmu walaupun sampai malam hari, beliau juga berpesan agar tidak kebanyakan tidur. Seperti yang tertuang pada bait pertama : “Padang bulan, padange kaya rina. Rembulane sing ngawe-awe. Ngelingake aja turu sore. Kene tak critani Kanggo sebo mengko sore”. Karena di waktu malam hari merupakan waktu yang penuh rahmat dari Allah SWT. Nabi agung Muhammad SAW juga pernah berkata, supaya memperbanyak mengingat Allah dan beribadah di waktu malam dan mengurangi waktu untuk tidur.
Zaman sekarang, ketika kedua orang tua telah meninggal dunia, banyak anak dan cucunya yang lalai untuk mendoakan orang tuanya yang ada di alam kuburnya, melainkan ribut memperebutkan. Di dalam kubur yang diharapkan orang tua dari sang anak dan cucu adalah doa, supaya mendapatkan rahmat dari Allah SWT. Tetapi karena perilaku dari anak cucunya tadi yang didapat bukannya rahmat, melainkan fitnah dan siksa. Sungguh miris jika itu terjadi kepada kedua orang tua kita. Hal ini merupakan suatu peringattan kepada kita semua agar tidak mementingkan kesenangan di dunia saja dengan mengejar harta yang sebenarnya tidak bisa kita bawa nanti ketika sudah meninggal. Karena ketika kita meninggal nanti yang kita bawa hanya kain putih yang membungkus tubuh kita dan amal ibadah yang kita lakukan selama hidup di dunia yang menyertai kita.
Habib Luthfi juga berpesan lewat syi’ir diatas, yaitu pada bait ke-4 yang berbunyi : “Iki dina aja lali lunga ngaji, takon marang kyai guru kang pinuji, enggal sira ora gampang kebujuk syetan, insya Allah kita menang lan kabejan”. Yang dimaksud pada bait tersebut yaitu kita sebagai umat muslim dianjurkan supaya mencari guru yang baik budi pekertinya, taat dan taqwa kepada Allah SWT. Karena di zaman sekarang ini banyak orang yang salah dalam mencari guru untuk dijadikan panutan. Banyak yang mengaku sebagai orang alim, selalu berpenampilan seperti kyai, tetapi perilakunya tidak bisa menjadi panutan bagi orang lain. Hal tersebut merupakan tipu daya setan untuk menjerumuskan kita kepada hal yang buruk. Untuk itu janganlah asal memilih dalam menentukan guru atau kyai untuk dijadikan sebagai anutan agar kita menjadi orang yang beruntung dikelak kemudian hari.
Banyak orang yang menginginkan kesuksesan secara instan, denagan cara apapun ditempuh untuk mendapatkan yang diinginkan. Bahkan sampai keluar dari jalan Allah SWT yaitu dengan membeli nomor togel. Untuk mendapatkan nomor tersebut mereka rela mendatangi tempat-tempat yang dianggap syakral dan mistis. Tak cukup di tempat-tempat yang mistis, orang gila pun mereka percayai untuk ditanyai. Hal tersebut menunjukkan bahwa mereka tidak mensyukuri atas rizki yang diberikan oleh Allah dan sudah tidak percaya dengan Allah SWT. Sesungguhnya Allah sudah mengatur rizki makhlunya dengan adil, dan Allah akan mengubah keadaan makhluknya jika makhluknya tadi berusaha dengan keras, tetapi tetap berada di jalan yang ditentukan Allah SWT.
Dari syi’ir di atas kita banyak mendapatkan pembelajaran dan peringatan, supaya hidup kita kedepannya akan menjadi lebih baik. Supaya menghindari sifat-sifat yang tadi. Jika melantunkan atau mendengarkan syi’ir ini dan dihayati dengan seksama hati pun akan tersentuh, bahkan akan menangis dengan sendirinya.
            Pada saat ini, syi’ir padang bulan telah berkumandang diberbagai daerah. Setiap ada acara maulid Nabi Muhammad SAW sering dilantunkan. Hal tersebut sangat positif dalam mensyiarkan agama islam. Bahasanya yang tidak terlalu sulit untuk dipahami membantu kita untuk mengangan-angan inti apa yang terkandung dalam syi’ir padang bulan tersebut.~ Cesc_AS

"Senja" Telaga Menjer


Katresnan Lumantar Telpon



Sore iku Iis lg ngenteni udin ana ing ngarep omah, dheweke ngarep-ngarep udin mara ning omahe, sabab dheweke kangen marang udin, sing sabenere iku kancane awit SD nganti SMA. Nanging sawise lulus SMA dheweke karo Udin pisah, amarga padha daftar kuliah sing universitase beda-beda. Udin ketampa ning ITB lan Iis ketampa ning IAIN. Awit saka iku ora tau ketemu. Akhire sore iku udin dolan ana ing omahe Iis, amarga padha preinan kuliah. Iis ngrasa seneng banget.
“ Assalamualaikum ” .(Udin uluk salam marang Iis)
“ Waalaikumsalam ”. ( Iis mangsuli salame Udin kanthi mesem yen nandakke dheweke seneng banget)
“ Piye Is kabare? ”
“ Aku apik-apik wae kok din, la kowe piye? ”
“ Aku padha apik-apik wae, kowe nutukake kuliah ning ngendi Is ?”
“ Aku ning IAIN jurusan Pendidikan Agama Islam.” ( sumaure Iis)
“ wah… apik temen kowe Is. Yen aku ning UNDIP jurusan biologi.”
Iis tansah mesem guyu terus nganti udin bingung. Ing kana padha crita-crita babagan jaman nalika isih cilik lan babagan kuliah. Wektu nandhakake ape maghrib, Udin ijin pamitan marang Iis. Bengine Iis tansah kelingan terus marang Udin. Dheweke nganti ora iso turu. Malah kagawa nganti ngimpi. 
Sewulan wis kepungkur, iku tandha yen preinan kuliah wis lebar. Iis bali ana kost. Ning kost dheweke ketemu karo Ningrum, terus crita-crita pengalaman preinan kuliah wingi. Iis crita yen preinan wingi dheweke ketemu karo kanca pas isih cilik, dheweke ngrasa seneng banget. Malah ngomong karo Ningrum yen dheweke ana rasa tresna marang kancane mau. Tapi Iis ora nyebutna jenenge kancane mau sing sebenere. Ningrum mung isa guyu melu seneng, sebab dheweke nalika preinan malah lara, lan dirawat ing Rumah Sakit. Krungu critane Ningrum sing kaya ngono Iis sak nalika meneng cep. Dheweke melu prihatin, terus mbeda Ningrum supaya ora nangis nalika eling wayah preinan kuliah wingi.
Liya dina Iis ditelpon Udin. Iis tansah kaget, nanging seneng. Awale Udin mung ngomong basa-basi karo Iis. Ora dinyana-nyana dheweke ngomong marang Iis yen dheweke tresna.
“ Is, sabenere Aku tresna marang sliramu.” ( Omonge Udin kanthi gugup )
“ Apa din?, coba baleni meneh omongmu.” ( Iis gugup )
“ Aku tresna marang slirmu. Iki jujur sangka atiku Is.”
Iis mung meneng, ora isa mangsuli pitakonan mau. Amarga dheweke kaget lan ora nyangka Udin bakal ngomong ngono. Iis butuh wektu kanggo mikir-mikir nampa apa ora tresnane Udin. Terus Iis ngomong marang Udin.
“ emmm… maafe Din, Aku ora isa nge’i jawaban saiki. Aku butuh wektu kanggo mikir.”
“ Ora apa-apa Is, Aku bakal sabar ngenteni jawabmu.”
Sawise ngomong, Udin nutup telpone. Dheweke ora sabar ngenteni dina iku, sebabe saking tresnane karo Iis. Iis uga bingung anggone nemtokake jawaban.
Seminggu wis kliwat, Udin ngrasa atine deg-degan, sebabe Iis wis janji yen bakal menehi jawaban. Udin ora sabar anggone ngenteni, dheweke donga supaya tresnane ditampa dening Iis. Terus Udin nelpon Iis.
“ Is Aku pengin jawaban sing pasti saka kowe, apa tresnaku nuk tampa apa ora?, Aku pengin jawaban sing jujur saka atimu.”
“ sadurunge tak jawab, apa bener kowe pancen tresna karo Aku Din?”
“ Iya Is, Aku pancen tresna karo kowe, ora ana wong wedok liya kejaba sliramu.”
“ Iya Din, Aku percaya karo kowe. Tresnamu tak tampa, sabenere aku padha tresna marang kowe nalika dhewe ketemu pas preinan kuliah wingi kae.”
“ Apa tenan sing dak omongna kuwi Is?”
“ Iya tenan Din, sabenere Aku ape ngomong marang kowe langsung, nanging Aku isin.”
Udin ngrasa seneng banget amarga tresnane ditampa dening Iis. Dheweke ora nyana yen Iis padha duwe rasa tresna marang dheweke. Semono uga Iis, atine tansah seneng banget isa pacaran karo Udin. Sebab saking tresnane Iis marang Udin, nganti diimpekake nalika turu. Terus Iis crita-crita marang Ningrum yen dheweke ngrasa seneng lan kesengsem karo cah lanang.
“ Rum, Rum, tak critani.”
“ Apa ta Is?”
“ Aku lagi kesengsem karo wong lanang iki kok.”
“ Wah…Wah… Karo sapa ta Is?, mbok ya Aku dicritani.”
“ Karo kancaku nalika isih cilik Rum, jenenge Udin.”
“ Ora Udin Sedunia ta… Hahaha.”
“ Owalah, ya oral ah, yen iku ta artis koplak. Isa wae kowe lo Rum. Hahaha.”
“ Hehehe… Aku Cuma guyon kok Is.”
Ing kana Iis crita sing werna-werna marang Ningrum kepiye sejatine si Udin iku. Ningrum mung isa guyu melu seneng. Nanging sabenere dheweke duwe rasa meri karo Iis, sebab duwe pacar sing pinter, apik lan gelem ngopeni pacare. Nanging Ningrum ora wani ngomong karo Iis. Dheweke mung meneng wae.
Limang sasi wis kliwat, kuliah wis padha prei. Udin karo Iis tansah seneng banget bakal isa ketemu. Sebab sasuwene pacaran ora tau ketemu, mung isa ngomong lumantar telpon utawa SMS. Sebabe padha sibuk anggone kuliah. Akhire Udin karo Iis isa ketemu. Udin mara ning omahe Iis. Ing kana dheweke ketemu wong tuwane Iis, terus omong-omong. Sawise omong-omong, Udin jaluk ijin marang wong tuwane Iis supaya isa ngejak dolan ning pantai. Wong tuwane Iis ngijinake. Terus Udin karo Iis mau lunga ning pantai. Ana ning pantai Udin ngomong karo Iis, yen dheweke iku pancen tresna marang Iis lan pengin bareng-bareng nganti tekan kawin. Iis tansah langsung seneng banget krungu omongane Udin sing kaya ngono mau.

O... NEGERIKU

Banyu…Banyu…
Obahing sliramu tansah kaya wong mlayu
Mloka-mlaku mung karo guyu
Duwe pemikiran kang kaya watu
Aduh sewu…
Pamarintah saiki wis ora isa ditiru
Isaning padha padu
Ora isa dadi satu
Kaya gegayuhan negriku 

Cesc_AS

SEPINING SEPI

Ing stasiun iki
Stasiun pangimpen dhiri
Sun kekancan marang sepi
Sepine, sepi ana tengahing wengi
Sepi aseping sepi
Tansah gawe sayating ati
Tan mrungu obahing lathi
Tan mrungu obahing dhiri
Amung rasa sepining sepi
Nora sembrana
Nora nyoba-nyoba
Mung aneng stasiun iki
Donya pangimpen tanpa isi
Sun ngranti tekaning pesthi
Saka Gusti kang murbeng dumadi

Cesc_AS

NONTON WAYANG

Tak tung, tung,tung...

Swara sampak wus ngumandang
Nandhakake yen wayange sansaya gayeng
Buta lan punakawan uga metu
Padha kiprahan ngrameake swasana

Ayo padha nonton ca
Ngrameake kesenian tinggalan leluhur
Sing jaman saiki wis lengser
Katindih dening modernisasi

Sumangga kancane dijaki
Ayo kanca rame-rame nonton wayang
Ning cedhak kothak
Apa ning mburi gamelan
Welah dalah butane metu kiprahan
Jingkrak-jingkrak polahe
Bengak-bengok swarane
Plorak-plorok mripate
Gawe giris sasolahe
Dadekake ati seneng lan ayem 

Cesc_AS

SAJRONING RASA


Jawa iku nggoning olah rasa
Jawa iku nggoning olah budaya
Ning njur piye?
Pranyata padha nyingkir
Tan bisa ngluhuri

Ana ngendi rasa rasaning wong saiki?
Rasa rasaning ati aneng ati
Ning aja mung dimangerteni
Uga kudu dilakoni
Wong saiki wus nyingkir saka rasa
Tepa slira marang liyan
Tata krama, unggah-ungguh
Wis padha lali
Apa ora isin?
Apa malah mbanggakake?
Mung isa ngucap
Hemmmm

Cesc_AS

Minggu, 23 Februari 2014

PUNCAK SIKUNIR


BIOLA TAK BERTUAN

Kini lantunan nada merdu nan indah itu entah kemana.
yang dulunya terdengar setiap senja datang, kini tak lagi terdengar.
mungkin lantunan itu sudah menjadi hal yang tabu sekarang ini.
dalam benak pun bertanya-tanya
adakah seorang yang akan menyentuh dan melantunkan suara indah biola itu?
perlahan biola itu menjadi usang dan hanya jadi pemanis yang tak berdaya dalam gudang.
Semua karena biola yang malang itu sudah menjadi biola tak bertuan.

Created by Cesc A.S (Anzar Subagas)

UPS, SALAH PANGGON

Wengi iku aku lungguh ana ing ngarep omah. Mas Huda anake Pak Dheku mara ana ing omah, niate dheweke ape takon marang aku, ngendi omahe Bu Siti sing lagi duwe gawe nyupitake anake sing jenenge Rizal. Amarga mau awan dheweke entuk berkat. Nanging dheweke lan Bu Dhe ora ngerti omahe, amarga wis pindah.
“ Bud, apa kowe ngerti omahe Bu Siti sing saiki?”
“ Ngerti Mas, omahe iku ning porwogondo.”
“ Porwogondone sing sisih ngndi ta?”
“ Ing sisih lor mas, mengko ana lapangan isih ngulon, terus ana prapatan menggok nengen. Omahe ning daerah kana mas.”
“ Oh… Matur nuwun ya Bud.”
“ Sami-sami Mas.”
Mas Huda mau langsung balik mulih marani Bu Dhe. Lajeng ngeterke Bu Dhe ning omahe Bu Siti. Ana ing dalan Mas Huda ndelalah lali apa sing tak omongke mau. Dheweke bingung goleki omahe Bu Siti. Sajake Mas Huda iku wonge isinan, ora kepikiran yen takon marang wong liya. Dheweke tetep nekad goleki omahe Bu Siti.
Akhire Mas Huda mau weruh ana omah sing lagi rame-rame, omahe mau ana tratake, nanging dheweke ora ngerti yen omah mau iku sabenere lagi kasripahan dudu omahe Bu Siti sing lagi nyupitake anake. Dheweke lan Bu Dhe ngerti yen omah iku mau rame, akih wong, langsung  mlebu wae tanpa takon ndhisik. Nalika wis mlebu, Mas Huda lan Bu Dhe malah ora kenal marang sing ana ing omah iku. Bu Dhe lajeng takon marang Ibu sing ana ing omah iku.
“ Bu, apa bener iki omahe Bu Siti sing lagi nyupitake anake?”
“ Boten Bu, mriki omahe Bu Titik, sing lagi wae kasripahan mau sore.”
“ Oh,, ngapuntene Bu, kula kesasar wonten ngriki. Sabenere kula badhe ten daleme sedulur kula Bu.”
“ Oh, nggih mboten napa-napa Bu.”
Mas Huda lan Bu Dhe kisinan marang Ibu mau, lajeng pamitan. Dadine dheweke lan Bu Dhe mau ora sida ning omahe Bu Siti.
Esuke mas Huda mara ning omah lan goleki Aku. Dheweke crita marang Aku yen dheweke lan Bu Dhe kesasar anggone goleki omahe Bu Siti. Lan lucune yaiku kesasar ana ing omahe wong sing lagi kasripahan.
“ Piye tah Bud kowe iki?” ( Mas Huda takon kanthi banter omonge )
“ Hlo.. Ana apa ta Mas, mara-mara kok malah nesu-nesu.” ( Aku tansah kaget )
“ Mau bengi Bud, Aku goleki omahe Bu Siti malah kesasar ana ing omahe wong liya sing lagi kasripahan.”
“ La kok isa ngana ikuMas?” ( Aku takon karo guyu kepingkel-pingkel )
“ Tak kirani ya omahe Bu Siti, la wong omahe rame akih wong, ana tratake. Tak parani kok malah omahe Bu Titik sing lagi kasripahan. Isin banget Aku Bud.”
“ Walah-walah…. Piye ta Mas kowe iki?, wis tak kandani omahe kanthi gamblang omahe Bu Siti kok isih kesasar.” ( Guyuku ora lebar-lebar )
“ Hehehe…. Aku klalen lan gugup Bud.” ( Omonge Mas Huda kanthi isin-isin )
Sawise dicritani kaya ngono mau Aku tansah guyu terus ora ana lebare. Mas Huda kisinan banget amarga tak gasaki terus anggone dheweke salah omah.

Cesc_AS

BEDUGUL, AKU PUNYA CERITA


Mendengar Pulau Bali tentunya kita sudah membayangkan hamparan luas sejuta keindahan yang ada dalam pikiran. Entah itu keindahan laut dan pantainya, perbukitan, dan juga danaunya. Karena di pulau ini kita akan mendapatkan pemandangan yang tak-kan bisa terlepas akan kedipan mata walaupun hanya sesaat.
Salah satu tempat wisata yang menawarkan akan keindahan khas alam nan hijau yaitu Bedugul. Tempatnya berada di atas bukit dan terletak pada ketinggian kurang lebih 1249 m dari permukaan laut tentunya menyuguhkan hawa dingin khas pegunungan, pepohonan nan hijau, serta air jernih khas danau. Di tengah danau ini terdapat sebuah Pura yaitu Pura Ulun Danu. Dari informasi penduduk setempat, Pura ini adalah tempat pemujaan kepada Sang Hyang Dewi Danu yang konon katanya sebagai pemberi kesuburan. Hal itu tak dapat dipungkiri karena pulau Bali adalah pulau Seribu Dewa yang masih kental akan agama dan kebudayaannya berjalan selaras dan berketerkaitan.
Tepatnya empat tahun yang lalu, ketika berkunjung suasana khas itu terasa sejuk dan damai. Diiringi rintikan gerimis menambah hawa dingin suasana tercipta. Sungguh baru kutemui keindahan alam yang seperti itu. Lelah perjalanan dalam bis pun tak terasa dan sudah terbayar akan pemandangan dan suasana nan sejuk dan damai. Empat tahun-pun berlalu dan kembali (lagi) ke tempat itu dengan rombongan yang berbeda pula tentunya. Dan apa yang terpikir olehku?. Semua tak berubah akan kesejukan dan kehijauannya, bahkan lebih indah dari sebelumnya. Itulah yang terbesit dalam hati ketika menghirup udara segar dan memandang hamparan luas danau itu.
Sebuah cerita yang berbeda ketika dulu tak bisa menikmati keindahan itu karena tidak menepi ke pinggir danau. Hujan yang turun waktu membuat kami Cuma bisa menikmati keindahan dari kejauhan saja, tidak seperti saat kemarin bulan Januari berkunjung dengan rombongan yang berbeda. Turun dari bis akupun bergegas menuju lokasi utama bersama teman-teman. Badan yang demam, hidung habis bekas mimisa, dan kepala yang sedikit pusing-pun tak menyurutkan semangat untuk berjalan menuju ke tempat itu. Sampai di lokasi, aku-pun merasa tercengang memandang hamparan luas air yang tenang dan menghirup udara yang segar khas daerah perbukitan. Sungguh semua tampak lebih indah dari sebelumnya (dalam hati ku berkata dan bersyukur kepada-Nya).
Saat menepi dan duduk didinding tepian danau terasa lebih dekat dengan alam. Alam yang memberikan sumber kehidupan, alam yang memberikan keindahan, dan alam yang merupakan wujud atas kekuasaan-Nya yang tak diragukan lagi. Wajah-wajah sumringah tak luput dari pandangan setiap orang yang ada di situ. Keindahan alam khas Bedugul yang sungguh dan sungguh sangat istimewa.

Cesc_AS 
Rabu, 12 Februari 2014

SIMBAH

Sepalihing wengi iku dadosaken gumetering ati
Apa wis wancine ngadhep marang Gusti ?
Aku tansah gumeter, atis, lan wedi
Ningali sliramu ingkang badhe kapundhut dening Gusti
Simbah…
Eling sliramu nrenyuhke ati
Tibaning luh saya gobyos ora bisa kabendhung
Aku mung isa donga marang Gusti
Supados ngapura dosaning simbah
Simbah…
Tresnamu tansah kumanthil ana ing ati
Welingmu bakal kelingan tumerap awak iki
Dadosaken kiyating dhiri

Cesc_AS (Anzar Subagas)

SUGIH BUDAYA


Mega mendung kang teka dadekake petenging kalbu
Luh netes pratandha rasa kang nggegirisi
Iku mau ora kanyana
Aku mung isa meneng
Swara bledeg gumlegar nggegerake donya
Aku ya mung isa sedhakep
Derese banyu udan nutupi dalan-dalan lan padesan
Aku ya mung isa sedhakep lan meneng
Apa ya isa ku mung kaya ngono ?
Jawabku “Ora”
Manungsa iku kudu duwe rasa handarbeni
Sing bisa dadekake kuncaraning bangsa
Bumi nuswantara sing sugih budaya kudu dak jaga
Iku minangka jati dhirining bangsa
Yen ora awake dhewe, ya sapa ?
Apa lila kaanggep para “londo” ?
Mula,
Ayo padha ngleluri lan ngopeni budaya nuswantara
Sing luhur lan utama

Cesc_AS (Anzar Subagas)

JAMAN EDAN

Ngger… ngger…
Esuk dak gawe bengi
Bengi dak gawe esuk
Apa iku bener ?
Apa iku ora kuwalik ?
Donya iki sansaya edan
Kahanan tataning angil
Wong salah dianggep bener
Wong bener dianggep salah
Apa iki pratandha akhir jaman ?
Ngger… ngger…
Elinga omongku iki
Akih wong sing keblinger
Keblinger krana pintere
Aja mung tumindak krana nafsu
Tumindaka krana ati nuranimu

Cesc_AS (Anzar Subagas)

KATRESNANKU

Dhuh nimas wong ayu
Kang dadi pujaningsun
Tresnaku marang sliramu
Dakwiwiti kanthi rasa
Rasa sejatining rasa
Yaiku rasa tresna
Tresnaku marang sliramu
Tan kena dipindhakna
Apadene ambane jagad
Apadene jerone samudra
Tresnaku marang sliramu
Tresna awewujud tresna
Tresna sejatining tresna
Kang ora bisa kalambangna

Cesc_AS

GARUDA KANG NANGIS

Kahanan iki gawe girising ati
Panguasa padha nyidra marang bangsa
Nyidra marang garuda
Nyidra marang bumi nuswantara
Kebo putih aran maesa diapusi
Embel-embel lambang dadi pangarep
Gelar priyayi ora duwe aji
Mung isa gumedhe aneng mburi
Bangsa sing mbudaya
Mulya bagya kanthi raharja
Bangsa sing kilangan budaya
Kaya-kaya kilangan sekabehane
Garuda mung isa nangis
Luh kang mbrebes mili
Merga nyawang kahanan bumi pertiwi
Bumi nuswantara iki

Cesc_AS

PANGELING-ELING

Rembulan kang ngawe-awe
Nandhakake sepalihing wulan kalampahan
Mubeng keser, cemlorong
Endah pangarupane
Ing antarane lintang-lintang
Cemlorot sesandhingan
Aku mung dhewe
Ora ana kanca sesandhingan
Nyawang endahing rembulan
Kang ngedap-edapi
Syukur tetep konjuk marang Gusti kang murbeng dumadi
Donya iki dumadi merga kuwasane Gusti
Mula, syukur iku tetep katur dhateng Gusti
Lumantar ngibadah lan dundum marang liyan

Cesc_AS (Anzar Subagas)

OMONG-OMONG JANJI

Atiku wis sayah
Ndheleng polahe pamarentah
Wegah …
Wegah … wegah …

Omong-omong janji
Janji-janji disulayani
Apa ana bukti?
Ning endi?

Dhelengen kae!
Rakyat-rakyat padha sambat
Saya sayah saya mlarat
Nanging kowe malah keparat

Dhelengen!
Rakyatmu padha nangis
Nyambung urip direwangi ngemis-ngemis
Apa iku sing jenenge wasis?

Cesc_AS (Anzar Subagas)

LAMPU ABANG, KUNING, IJO, LAN BIRU

Iringan lagu hip-hop tansah gawe panasing swasana
Abang, kuning, ijo, lan biru
Gumerlape lampu ana gedung
Enom tuwa ora ana bedane
Pria wanita wis lumrahe
Iku dadi werna-wernini kauripan
Duwe masalah padha mlayu rono
Sejatine apa ya iku panggonan sing pas
Anggene ngrampungke perkara
Apa ya ora tambah masalah?
Haduh….
Gedheg-gedheg anggenku ngerti kahanan saiki
Para muda wis karacun dening gumerlape donya
Ora ngerti barang sing hak lan bathil
Pranyata akeh sing ngaku kaum intelek
Sing padha mlebu ana kono
Keblinger anggene golek ngelmu
Ora ngerti apa kang kalakoni
Werna-werni kauripan kang dadekake ramene donya
Haahh..!!

Cesc_AS (Anzar Subagas)

APA YA SING DIARANI "GAUL" IKU KUDU KAYA MANGKONO?

Ati iki tansah nggegirisi
Ngeti kahanan sing sansaya keblinger anggone nglakoni
Padha ngaku yen dheweke iku “gaul”
Jalaran ngomonge nganggo “elo” lan “gue”
Apa ya sing diarani “gaul” iku kudu kaya mangkono?
Jaman saiki akeh sing padha keblinger
Sembarang apik diomong ala
Ala diomong apik
Basa kang wis becik dadi ashor
Miris, miris . . .
Miris anggonku nyawang kahanan iki
Basa leluhur sing utama kayata dilalekake
Elinga, yen basa leluhur iku bakal kuncara salami nira

Cesc_AS (Anzar Subagas)

SOTO

Soto ayam
Soto sapi
Soto kebo
Soto madura
Soto kudus
Soto bandung
Soto rembang
Sugih budaya kang maneka warni
Iku aja nganti dadekake sesingidan lan adu tembak
Kang dadi gegirising ati
Kabeh iku padha

Sinebut padha iku,
Budaya kang maneka warni iki
Dadi jati dhirining bangsa
Kang dadi semboyan bangsa Indonesia
Yaiku “Bhinneka Tunggal Ika”

Cesc_AS (Anzar Subagas)

SWARA ATI

Sumribiting angin wengi saya atis
Aku tansah kelingan esemu
Nalika iku udan riwis-riwis
Lan wit-witan padha kaelus dening angin
Saya suwe tansaya deres
Apa ta kowe ngrasa
Tak enteni tekamu ing sajroning sepi
Nyawang langit kang gumebyaring lintang
Ngenteni sliramu sing ora bali

Cesc_AS (Anzar Subagas)

LELAKON KAWURI


Wengi iki
Sun kekancan marang sepi
Sepine, sepi ana tengahing wengi
Girising ati, gumetering dhiri
Tan bisa dakselaki

Sepi aseping sepi
Tansah gawe sayating ati
Tan mrungu obahing lathi
Tan mrungu obahing dhiri
Tan mrungu gegojegan rikala wengi
Amung rasa sepining sepi
Yen kelingan lelakon kawuri

Sepi aseping sepi
Sun madhep marang Gusti
Gusti kang maha welas,
Gusti kang maha asih,
Gusti kang murbeng dumadi
Sun dedonga sajroning sepi

Dhuh Gusti,
Eling jaman semono, lelakon kawuri
Lelakon werna-werni tan bisa dakselaki
Cidra marang kuwajiban ingsun
Tan mrungu pitutur utusanipun

Dhuh Gusti,
Mugya paring welas asih marang ingsun
Ngapura dosa-dosa kang kalakon
Paring pepadhang tumuju sateruse

Wengi iki tumuju sateruse
Sun ngranti tekaning pesthi
Pesthi kang dadi pepadhang neng ati
Saka Gusti kang murbeng dumadi
Tan bisa dadekake sasar marang dhiri

Cesc_AS
18-07-2013

Sabtu, 22 Februari 2014

LUTUNG WARU

Lutung waru
Obahing badanira tansah nggregetake kalbu
Tumindakmu kang konang awon, tetep wae njaga guyu
Tansah sedhakep lan mangku suku
Lenggah wibawa aneng bangku
Dhuh Gusti,
Sapa kang bisa katiru ?
Pamong Praja wus tan bisa digugu
Tukar padudon kang tansah rebut-rinebut
Mung kanggo memayu hayuning pribadi
Ujare kanggo numpes korupsi
Jebul malah kaya Sengkuni mulang ngaji para santri
Mula aja padha rebut-rinebut kadigdayan
Kang tan bisa gawe bungah marang liyan
Pamong Praja kudu anduweni laku utama
Supaya bisa memayu hayuning bawana
Negara kita, Indonesia makmur lan santosa

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Biodata

Anzar Subagas
Jepara, 18 Juli 1993
Bandungrejo RT 04/RW 04 Kalinyamatan, Jepara.

Riwayat Pedidikan : 
TK Masyithoh
SDN 1 Bandungrejo
SMP N 1 Kalinyamatan
SMA N 1 Welahan
Universitas Negeri Semarang (PBSJ)

Sejuta Keindahan "Sikunir"

Image
Tepat pukul 03.00 WIB dini hari, 3 Februari 2013. 10 remaja (Aji, Bayu, Yongki, Alam, Bagas, Tyas, Wulan, Mentari, Tere, Iis) dan seorang bapak yang bernama Pak Marno berangkat dari rumah menuju desa tertinggi yang ada di pulau Jawa, yaitu desa Sembungan. Hawa dingin yang menyelimuti udara dini hari itu tak menyurutkan semangat mereka yang sudah merencanakan di malam sebelumnya untuk melihat sunrise di Sikunir. Sebelumnya kami merencanakan berangkat jam 02.00 WIB, karena Bapak Marno mengatakan jarak rumah sampai ke tempat tujuan cukup jauh, dan memakan waktu kurang lebih 2 jam. Tetapi rencana itu tak sesuai harapan karena kami bangun telat. Hal itu tidak menyurutkan semangat kami, dan bergegas untuk berangkat.
Di perjalanan, hawa dingin itu sangat terasa menyelimuti tubuh kami, khususnya kami yang tak terbiasa dengan hawa pegunungan, karena tempat tinggal kami di daerah pesisiran ataupun perkotaan. Pak Marno sebagai pemandu jalan begitu gagah mengendarai motor memimpin rombongan. Kami begitu yakin mengikuti dari belakang secara beriringan. Dalam perjalanan kami sempat salah jalan karena Pak Marno lupa, beliau mengatakan sudah lama tidak berkunjung ke sana. Kami berhenti sejenak dan Pak Marno menelfon temannya diwaktu dini hari, yang secara etika tidak baik. Tetapi setelah mencoba menelfon akhirnya diterima telfon dari Pak Marno dan kami mendapat jalan terang untuk melanjutkan perjalanan.
Pada awalnya kami mengira akan terlambat untuk menyaksikan sunrise karena kami bangun terlambat. Akan tetapi bapak yang menjadi pemandu di depan sangatlah bersemangat dan cukup kencang mengendaria mengejar sang waktu agar cepat sampai dan bisa menyaksikan keindahan dari-Nya yang sungguh luar biasa. Kami sebagai anak muda tak mau kalah dan mengendarai motor dengan kencang di belakang beliau. Meskipun udara dingin menjadi musuh kami, yang menjadikan badan terasa kaku, tentulah tidak menjadi penghambat semangat kami.
Sampai di area penitipan motor tepat pukul 04.45 WIB. Waktu yang menunjukkan untuk sholat subuh. Air di sana tak ada untuk dapat digunakan wudhlu. Ada seorang pedagang yang baik hati menawarkan air secukupnya untuk berwudhu. Akan tetapi dari beberapa dari kami memilih untuk tayammum sebab tak kuat untuk terkena air karena sangat dingin cuacanya. Setelah sholat selesai kami pun bergegas untuk melakukan perjalanan dengan berjalan kaki. Berjalan menapaki jalan setapak menuju puncak Sikunir yang jaraknya lumayan berliku dan cukup menantang adrenalin kami.
Image
Jalan yang berliku, licin, dan terjal telah kami lalui bersama dan itu terbayar sudah ketika sampai di puncak Sikunir. Sangatlah terkejut karena sudah banyak orang yang sampai duluan di puncak tersebut. Mereka juga melakukan perjalanan dengan penuh perjuangan untuk bisa melihat sunrise dari atas puncak Sikunir. Sampai di atas puncak tepat pukul 05.15 WIB, dan sunrise-pun belum menampakkan keelokannya. Waktu yang kami nanti-nanti telah tiba, sunrise menampakkan semburat cahaya merah keemasan yang membuat kami sangat senang dan puas dengan apa yang kami lakukan untuk sampai di puncak tersebut.
Keindahan yang menunjukkan kekuasaan Tuhan begitu sungguh istimewa. Sangatlah bersyukur bisa menyaksikan kekuasaan-Nya. Keindahan yang teristimewa itu tak pernah berbohong, sungguh mengagumkan. Perjalan yang tak akan pernah terlupakan dalam memori. Awal mula perjalanan yang panjang bersama kawan-kawan tercinta. Terimakasih kawan semua dan terima kasih kepada Pak Marno beserta keluarga.  _ “Cesc_AS”