Minggu, 23 Februari 2014

GARUDA KANG NANGIS

Kahanan iki gawe girising ati
Panguasa padha nyidra marang bangsa
Nyidra marang garuda
Nyidra marang bumi nuswantara
Kebo putih aran maesa diapusi
Embel-embel lambang dadi pangarep
Gelar priyayi ora duwe aji
Mung isa gumedhe aneng mburi
Bangsa sing mbudaya
Mulya bagya kanthi raharja
Bangsa sing kilangan budaya
Kaya-kaya kilangan sekabehane
Garuda mung isa nangis
Luh kang mbrebes mili
Merga nyawang kahanan bumi pertiwi
Bumi nuswantara iki

Cesc_AS

Tidak ada komentar:

Posting Komentar