Minggu, 23 Februari 2014

UPS, SALAH PANGGON

Wengi iku aku lungguh ana ing ngarep omah. Mas Huda anake Pak Dheku mara ana ing omah, niate dheweke ape takon marang aku, ngendi omahe Bu Siti sing lagi duwe gawe nyupitake anake sing jenenge Rizal. Amarga mau awan dheweke entuk berkat. Nanging dheweke lan Bu Dhe ora ngerti omahe, amarga wis pindah.
“ Bud, apa kowe ngerti omahe Bu Siti sing saiki?”
“ Ngerti Mas, omahe iku ning porwogondo.”
“ Porwogondone sing sisih ngndi ta?”
“ Ing sisih lor mas, mengko ana lapangan isih ngulon, terus ana prapatan menggok nengen. Omahe ning daerah kana mas.”
“ Oh… Matur nuwun ya Bud.”
“ Sami-sami Mas.”
Mas Huda mau langsung balik mulih marani Bu Dhe. Lajeng ngeterke Bu Dhe ning omahe Bu Siti. Ana ing dalan Mas Huda ndelalah lali apa sing tak omongke mau. Dheweke bingung goleki omahe Bu Siti. Sajake Mas Huda iku wonge isinan, ora kepikiran yen takon marang wong liya. Dheweke tetep nekad goleki omahe Bu Siti.
Akhire Mas Huda mau weruh ana omah sing lagi rame-rame, omahe mau ana tratake, nanging dheweke ora ngerti yen omah mau iku sabenere lagi kasripahan dudu omahe Bu Siti sing lagi nyupitake anake. Dheweke lan Bu Dhe ngerti yen omah iku mau rame, akih wong, langsung  mlebu wae tanpa takon ndhisik. Nalika wis mlebu, Mas Huda lan Bu Dhe malah ora kenal marang sing ana ing omah iku. Bu Dhe lajeng takon marang Ibu sing ana ing omah iku.
“ Bu, apa bener iki omahe Bu Siti sing lagi nyupitake anake?”
“ Boten Bu, mriki omahe Bu Titik, sing lagi wae kasripahan mau sore.”
“ Oh,, ngapuntene Bu, kula kesasar wonten ngriki. Sabenere kula badhe ten daleme sedulur kula Bu.”
“ Oh, nggih mboten napa-napa Bu.”
Mas Huda lan Bu Dhe kisinan marang Ibu mau, lajeng pamitan. Dadine dheweke lan Bu Dhe mau ora sida ning omahe Bu Siti.
Esuke mas Huda mara ning omah lan goleki Aku. Dheweke crita marang Aku yen dheweke lan Bu Dhe kesasar anggone goleki omahe Bu Siti. Lan lucune yaiku kesasar ana ing omahe wong sing lagi kasripahan.
“ Piye tah Bud kowe iki?” ( Mas Huda takon kanthi banter omonge )
“ Hlo.. Ana apa ta Mas, mara-mara kok malah nesu-nesu.” ( Aku tansah kaget )
“ Mau bengi Bud, Aku goleki omahe Bu Siti malah kesasar ana ing omahe wong liya sing lagi kasripahan.”
“ La kok isa ngana ikuMas?” ( Aku takon karo guyu kepingkel-pingkel )
“ Tak kirani ya omahe Bu Siti, la wong omahe rame akih wong, ana tratake. Tak parani kok malah omahe Bu Titik sing lagi kasripahan. Isin banget Aku Bud.”
“ Walah-walah…. Piye ta Mas kowe iki?, wis tak kandani omahe kanthi gamblang omahe Bu Siti kok isih kesasar.” ( Guyuku ora lebar-lebar )
“ Hehehe…. Aku klalen lan gugup Bud.” ( Omonge Mas Huda kanthi isin-isin )
Sawise dicritani kaya ngono mau Aku tansah guyu terus ora ana lebare. Mas Huda kisinan banget amarga tak gasaki terus anggone dheweke salah omah.

Cesc_AS

Tidak ada komentar:

Posting Komentar