Minggu, 23 Februari 2014

LELAKON KAWURI


Wengi iki
Sun kekancan marang sepi
Sepine, sepi ana tengahing wengi
Girising ati, gumetering dhiri
Tan bisa dakselaki

Sepi aseping sepi
Tansah gawe sayating ati
Tan mrungu obahing lathi
Tan mrungu obahing dhiri
Tan mrungu gegojegan rikala wengi
Amung rasa sepining sepi
Yen kelingan lelakon kawuri

Sepi aseping sepi
Sun madhep marang Gusti
Gusti kang maha welas,
Gusti kang maha asih,
Gusti kang murbeng dumadi
Sun dedonga sajroning sepi

Dhuh Gusti,
Eling jaman semono, lelakon kawuri
Lelakon werna-werni tan bisa dakselaki
Cidra marang kuwajiban ingsun
Tan mrungu pitutur utusanipun

Dhuh Gusti,
Mugya paring welas asih marang ingsun
Ngapura dosa-dosa kang kalakon
Paring pepadhang tumuju sateruse

Wengi iki tumuju sateruse
Sun ngranti tekaning pesthi
Pesthi kang dadi pepadhang neng ati
Saka Gusti kang murbeng dumadi
Tan bisa dadekake sasar marang dhiri

Cesc_AS
18-07-2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar