Senin, 24 Februari 2014

NONTON WAYANG

Tak tung, tung,tung...

Swara sampak wus ngumandang
Nandhakake yen wayange sansaya gayeng
Buta lan punakawan uga metu
Padha kiprahan ngrameake swasana

Ayo padha nonton ca
Ngrameake kesenian tinggalan leluhur
Sing jaman saiki wis lengser
Katindih dening modernisasi

Sumangga kancane dijaki
Ayo kanca rame-rame nonton wayang
Ning cedhak kothak
Apa ning mburi gamelan
Welah dalah butane metu kiprahan
Jingkrak-jingkrak polahe
Bengak-bengok swarane
Plorak-plorok mripate
Gawe giris sasolahe
Dadekake ati seneng lan ayem 

Cesc_AS

Tidak ada komentar:

Posting Komentar