Minggu, 23 Februari 2014

PANGELING-ELING

Rembulan kang ngawe-awe
Nandhakake sepalihing wulan kalampahan
Mubeng keser, cemlorong
Endah pangarupane
Ing antarane lintang-lintang
Cemlorot sesandhingan
Aku mung dhewe
Ora ana kanca sesandhingan
Nyawang endahing rembulan
Kang ngedap-edapi
Syukur tetep konjuk marang Gusti kang murbeng dumadi
Donya iki dumadi merga kuwasane Gusti
Mula, syukur iku tetep katur dhateng Gusti
Lumantar ngibadah lan dundum marang liyan

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar