Minggu, 23 Februari 2014

OMONG-OMONG JANJI

Atiku wis sayah
Ndheleng polahe pamarentah
Wegah …
Wegah … wegah …

Omong-omong janji
Janji-janji disulayani
Apa ana bukti?
Ning endi?

Dhelengen kae!
Rakyat-rakyat padha sambat
Saya sayah saya mlarat
Nanging kowe malah keparat

Dhelengen!
Rakyatmu padha nangis
Nyambung urip direwangi ngemis-ngemis
Apa iku sing jenenge wasis?

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar