Minggu, 23 Februari 2014

SUGIH BUDAYA


Mega mendung kang teka dadekake petenging kalbu
Luh netes pratandha rasa kang nggegirisi
Iku mau ora kanyana
Aku mung isa meneng
Swara bledeg gumlegar nggegerake donya
Aku ya mung isa sedhakep
Derese banyu udan nutupi dalan-dalan lan padesan
Aku ya mung isa sedhakep lan meneng
Apa ya isa ku mung kaya ngono ?
Jawabku “Ora”
Manungsa iku kudu duwe rasa handarbeni
Sing bisa dadekake kuncaraning bangsa
Bumi nuswantara sing sugih budaya kudu dak jaga
Iku minangka jati dhirining bangsa
Yen ora awake dhewe, ya sapa ?
Apa lila kaanggep para “londo” ?
Mula,
Ayo padha ngleluri lan ngopeni budaya nuswantara
Sing luhur lan utama

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar