Senin, 17 Februari 2014

Gege Mangsa "Pungkasaning Oktober"

Mangsa (ora) kaya mangsa
Pitakonku marang mangsa
Aneng ngendi?,
Mangsa sing sabenere mangsa
Mangsa sing dadi pangayom,
Ngayomi tumraping bebrayan

Pranyata…
Ora kuwawa nggone ngrasa
Nyawang kahanan kang nyulaya
Sajak prelu ning ora ngrumangsa
Apa iki salah mangsa?
nggregel jroning ati
Pungkasaning Oktober,
mangsa (ora) kaya mangsa

Cecs_AS
~ Gg. Kanthil, Banaran, 27 Oktober 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar