Sabtu, 22 Februari 2014

LUTUNG WARU

Lutung waru
Obahing badanira tansah nggregetake kalbu
Tumindakmu kang konang awon, tetep wae njaga guyu
Tansah sedhakep lan mangku suku
Lenggah wibawa aneng bangku
Dhuh Gusti,
Sapa kang bisa katiru ?
Pamong Praja wus tan bisa digugu
Tukar padudon kang tansah rebut-rinebut
Mung kanggo memayu hayuning pribadi
Ujare kanggo numpes korupsi
Jebul malah kaya Sengkuni mulang ngaji para santri
Mula aja padha rebut-rinebut kadigdayan
Kang tan bisa gawe bungah marang liyan
Pamong Praja kudu anduweni laku utama
Supaya bisa memayu hayuning bawana
Negara kita, Indonesia makmur lan santosa

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar