Minggu, 23 Februari 2014

SIMBAH

Sepalihing wengi iku dadosaken gumetering ati
Apa wis wancine ngadhep marang Gusti ?
Aku tansah gumeter, atis, lan wedi
Ningali sliramu ingkang badhe kapundhut dening Gusti
Simbah…
Eling sliramu nrenyuhke ati
Tibaning luh saya gobyos ora bisa kabendhung
Aku mung isa donga marang Gusti
Supados ngapura dosaning simbah
Simbah…
Tresnamu tansah kumanthil ana ing ati
Welingmu bakal kelingan tumerap awak iki
Dadosaken kiyating dhiri

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar