Minggu, 23 Februari 2014

APA YA SING DIARANI "GAUL" IKU KUDU KAYA MANGKONO?

Ati iki tansah nggegirisi
Ngeti kahanan sing sansaya keblinger anggone nglakoni
Padha ngaku yen dheweke iku “gaul”
Jalaran ngomonge nganggo “elo” lan “gue”
Apa ya sing diarani “gaul” iku kudu kaya mangkono?
Jaman saiki akeh sing padha keblinger
Sembarang apik diomong ala
Ala diomong apik
Basa kang wis becik dadi ashor
Miris, miris . . .
Miris anggonku nyawang kahanan iki
Basa leluhur sing utama kayata dilalekake
Elinga, yen basa leluhur iku bakal kuncara salami nira

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar