Minggu, 23 Februari 2014

LAMPU ABANG, KUNING, IJO, LAN BIRU

Iringan lagu hip-hop tansah gawe panasing swasana
Abang, kuning, ijo, lan biru
Gumerlape lampu ana gedung
Enom tuwa ora ana bedane
Pria wanita wis lumrahe
Iku dadi werna-wernini kauripan
Duwe masalah padha mlayu rono
Sejatine apa ya iku panggonan sing pas
Anggene ngrampungke perkara
Apa ya ora tambah masalah?
Haduh….
Gedheg-gedheg anggenku ngerti kahanan saiki
Para muda wis karacun dening gumerlape donya
Ora ngerti barang sing hak lan bathil
Pranyata akeh sing ngaku kaum intelek
Sing padha mlebu ana kono
Keblinger anggene golek ngelmu
Ora ngerti apa kang kalakoni
Werna-werni kauripan kang dadekake ramene donya
Haahh..!!

Cesc_AS (Anzar Subagas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar