Senin, 24 Februari 2014

Katresnan Lumantar Telpon



Sore iku Iis lg ngenteni udin ana ing ngarep omah, dheweke ngarep-ngarep udin mara ning omahe, sabab dheweke kangen marang udin, sing sabenere iku kancane awit SD nganti SMA. Nanging sawise lulus SMA dheweke karo Udin pisah, amarga padha daftar kuliah sing universitase beda-beda. Udin ketampa ning ITB lan Iis ketampa ning IAIN. Awit saka iku ora tau ketemu. Akhire sore iku udin dolan ana ing omahe Iis, amarga padha preinan kuliah. Iis ngrasa seneng banget.
“ Assalamualaikum ” .(Udin uluk salam marang Iis)
“ Waalaikumsalam ”. ( Iis mangsuli salame Udin kanthi mesem yen nandakke dheweke seneng banget)
“ Piye Is kabare? ”
“ Aku apik-apik wae kok din, la kowe piye? ”
“ Aku padha apik-apik wae, kowe nutukake kuliah ning ngendi Is ?”
“ Aku ning IAIN jurusan Pendidikan Agama Islam.” ( sumaure Iis)
“ wah… apik temen kowe Is. Yen aku ning UNDIP jurusan biologi.”
Iis tansah mesem guyu terus nganti udin bingung. Ing kana padha crita-crita babagan jaman nalika isih cilik lan babagan kuliah. Wektu nandhakake ape maghrib, Udin ijin pamitan marang Iis. Bengine Iis tansah kelingan terus marang Udin. Dheweke nganti ora iso turu. Malah kagawa nganti ngimpi. 
Sewulan wis kepungkur, iku tandha yen preinan kuliah wis lebar. Iis bali ana kost. Ning kost dheweke ketemu karo Ningrum, terus crita-crita pengalaman preinan kuliah wingi. Iis crita yen preinan wingi dheweke ketemu karo kanca pas isih cilik, dheweke ngrasa seneng banget. Malah ngomong karo Ningrum yen dheweke ana rasa tresna marang kancane mau. Tapi Iis ora nyebutna jenenge kancane mau sing sebenere. Ningrum mung isa guyu melu seneng, sebab dheweke nalika preinan malah lara, lan dirawat ing Rumah Sakit. Krungu critane Ningrum sing kaya ngono Iis sak nalika meneng cep. Dheweke melu prihatin, terus mbeda Ningrum supaya ora nangis nalika eling wayah preinan kuliah wingi.
Liya dina Iis ditelpon Udin. Iis tansah kaget, nanging seneng. Awale Udin mung ngomong basa-basi karo Iis. Ora dinyana-nyana dheweke ngomong marang Iis yen dheweke tresna.
“ Is, sabenere Aku tresna marang sliramu.” ( Omonge Udin kanthi gugup )
“ Apa din?, coba baleni meneh omongmu.” ( Iis gugup )
“ Aku tresna marang slirmu. Iki jujur sangka atiku Is.”
Iis mung meneng, ora isa mangsuli pitakonan mau. Amarga dheweke kaget lan ora nyangka Udin bakal ngomong ngono. Iis butuh wektu kanggo mikir-mikir nampa apa ora tresnane Udin. Terus Iis ngomong marang Udin.
“ emmm… maafe Din, Aku ora isa nge’i jawaban saiki. Aku butuh wektu kanggo mikir.”
“ Ora apa-apa Is, Aku bakal sabar ngenteni jawabmu.”
Sawise ngomong, Udin nutup telpone. Dheweke ora sabar ngenteni dina iku, sebabe saking tresnane karo Iis. Iis uga bingung anggone nemtokake jawaban.
Seminggu wis kliwat, Udin ngrasa atine deg-degan, sebabe Iis wis janji yen bakal menehi jawaban. Udin ora sabar anggone ngenteni, dheweke donga supaya tresnane ditampa dening Iis. Terus Udin nelpon Iis.
“ Is Aku pengin jawaban sing pasti saka kowe, apa tresnaku nuk tampa apa ora?, Aku pengin jawaban sing jujur saka atimu.”
“ sadurunge tak jawab, apa bener kowe pancen tresna karo Aku Din?”
“ Iya Is, Aku pancen tresna karo kowe, ora ana wong wedok liya kejaba sliramu.”
“ Iya Din, Aku percaya karo kowe. Tresnamu tak tampa, sabenere aku padha tresna marang kowe nalika dhewe ketemu pas preinan kuliah wingi kae.”
“ Apa tenan sing dak omongna kuwi Is?”
“ Iya tenan Din, sabenere Aku ape ngomong marang kowe langsung, nanging Aku isin.”
Udin ngrasa seneng banget amarga tresnane ditampa dening Iis. Dheweke ora nyana yen Iis padha duwe rasa tresna marang dheweke. Semono uga Iis, atine tansah seneng banget isa pacaran karo Udin. Sebab saking tresnane Iis marang Udin, nganti diimpekake nalika turu. Terus Iis crita-crita marang Ningrum yen dheweke ngrasa seneng lan kesengsem karo cah lanang.
“ Rum, Rum, tak critani.”
“ Apa ta Is?”
“ Aku lagi kesengsem karo wong lanang iki kok.”
“ Wah…Wah… Karo sapa ta Is?, mbok ya Aku dicritani.”
“ Karo kancaku nalika isih cilik Rum, jenenge Udin.”
“ Ora Udin Sedunia ta… Hahaha.”
“ Owalah, ya oral ah, yen iku ta artis koplak. Isa wae kowe lo Rum. Hahaha.”
“ Hehehe… Aku Cuma guyon kok Is.”
Ing kana Iis crita sing werna-werna marang Ningrum kepiye sejatine si Udin iku. Ningrum mung isa guyu melu seneng. Nanging sabenere dheweke duwe rasa meri karo Iis, sebab duwe pacar sing pinter, apik lan gelem ngopeni pacare. Nanging Ningrum ora wani ngomong karo Iis. Dheweke mung meneng wae.
Limang sasi wis kliwat, kuliah wis padha prei. Udin karo Iis tansah seneng banget bakal isa ketemu. Sebab sasuwene pacaran ora tau ketemu, mung isa ngomong lumantar telpon utawa SMS. Sebabe padha sibuk anggone kuliah. Akhire Udin karo Iis isa ketemu. Udin mara ning omahe Iis. Ing kana dheweke ketemu wong tuwane Iis, terus omong-omong. Sawise omong-omong, Udin jaluk ijin marang wong tuwane Iis supaya isa ngejak dolan ning pantai. Wong tuwane Iis ngijinake. Terus Udin karo Iis mau lunga ning pantai. Ana ning pantai Udin ngomong karo Iis, yen dheweke iku pancen tresna marang Iis lan pengin bareng-bareng nganti tekan kawin. Iis tansah langsung seneng banget krungu omongane Udin sing kaya ngono mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar